2 Babad 30:17-23 JAV

17 Ing sarehne ing satengahe pasamuwan akeh kang ora nucekake awake, satemah dadi kawajibane wong Lewi nyembeleh wedhus-wedhus gembel Paskah kanggo saben wong kang ora nucekake awake kagem Pangeran Yehuwah, marga padha najis.

18 Amarga rakyat -- kang akeh saka Efraim, Manasye, Isakhar lan Zebulon -- akeh banget kang ora nucekake awake. Ewadene padha mangan Paskah, sanadyan ora cocog karo apa kang katulis. Nanging Sang Prabu Hizkia ndongakake wong-wong mau, unjuke: “Pangeran Yehuwah, ingkang asih-darma, mugi karsaa paring pangapunten dhateng

19 sakathahing tiyang ingkang kalayan saestu anggenipun gadhah kekajengan madosi Gusti Allah, inggih punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allahing para leluhuripun, sanadyan kasucenipun boten timbang kaliyan papan pasucen.”

20 Pangeran Yehuwah midhangetake marang Sang Prabu Hizkia lan bangsa iku kepareng lestari slamet.

21 Pitung dina lawase wong Israel kang ana ing Yerusalem anggone padha ngriyayakake dina gedhe mangan roti tanpa ragi kalawan kabungahan kang gedhe, dene para wong Lewi lan para imam saben dina padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah kalawan ngetog kakuwatan.

22 Sang Prabu Hizkia paring pangalembana marang sakehe wong Lewi kang anggone leladi marang Pangeran Yehuwah kanthi wasis. Kaya mangkono anggone wong-wong padha mangan pangan riyaya ing sajrone pitung dina, kambi saos kurban slametan sarta ngunjukake panuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

23 Sawuse iku wong sapasamuwan kabeh padha saiyeg nerusake riyayane pitung dina engkas. Banjur padha pista pitung dina engkas kalawan seneng.