2 Babad 30:2-8 JAV

2 Sang Nata lan para panggedhe sarta wong sapasamuwan ing Yerusalem kabeh padha ngrancang bakal ngriyayakake Paskah ing sasi kapindho,

3 amarga ora padha bisa ngriyayakake ing wektu apa mesthine, jalaran para imam kang nucekake awake cacahe durung nyukupi sarta rakyat durung nglumpuk ana ing Yerusalem.

4 Sang Prabu karsa nampeni rancangan iku, samono uga wong sapasamuwan kabeh.

5 Nuli padha mutus nggiyarake pangumuman ing satanah Israel kabeh, wiwit Bersyeba nganti tekan ing Dhan supaya padha tekaa ing Yerusalem prelu ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, amarga durung padha ngriyayakake kanthi patrap kang umum kaya kang wus katulis.

6 Para utusan tumuli padha mangkat rerikatan menyang ing saindenging tanah Israel lan Yehuda kalawan nggawa layang saka Sang Prabu lan para panggedhe sarta padha mratelakake miturut dhawuhe Sang Prabu mangkene: “He, wong Israel, padha balia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Eyang Abraham, Iskak lan Israel, Panjenengane mesthi iya banjur bakal wangsul marang panunggalanmu kang isih kari, yaiku kang padha bisa oncat saka ing astane para ratu ing Asyur.

7 Aja padha tumindak kaya para leluhurmu lan para sadulurmu kang padha ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, satemah banjur ngalami rusak nggegirisi kaya kang wus padha kokdeleng dhewe iku.

8 Lah saiki aja padha ngakokake githokmu, kaya para leluhurmu. Masrahna awakmu marang Pangeran Yehuwah lan padha menyanga ing pasucen kang wus kasucekake kanggo ing salawas-lawase sarta padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya bebendune kang mulad-mulad sumingkira saka ing kowe kabeh.