7 Aja padha tumindak kaya para leluhurmu lan para sadulurmu kang padha ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, satemah banjur ngalami rusak nggegirisi kaya kang wus padha kokdeleng dhewe iku.
8 Lah saiki aja padha ngakokake githokmu, kaya para leluhurmu. Masrahna awakmu marang Pangeran Yehuwah lan padha menyanga ing pasucen kang wus kasucekake kanggo ing salawas-lawase sarta padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya bebendune kang mulad-mulad sumingkira saka ing kowe kabeh.
9 Amarga manawa kowe padha bali marang Pangeran Yehuwah, para sadulurmu lan anak-anakmu bakal oleh sih-piwelas saka wong-wong kang padha nawan, satemah padha bali menyang ing nagara kene. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat asih lan welasan: Panjenengane ora bakal ngengokake wedanane saka kowe, manawa kowe padha bali marang Panjenengane.”
10 Nalika para utusan-kilat iku padha mider-mider ing kutha-kutha, ngliwati tanah Efraim lan Manasye nganti tekan ing Zebulon, padha digeguyu lan dipoyoki.
11 Nanging panunggalane wong Asyer, Manasye lan Zebulon ana sawatara kang ngesorake awake lan padha teka ing Yerusalem.
12 Ana ing Yehuda pranyata manawa astane Gusti Allah nggemblengake atine wong-wong anggone padha nglakoni dhawuhe Sang Prabu sarta para panggedhe, cundhuk karo pangandikaning Yehuwah.
13 Wong akeh kang nglumpuk ana ing Yerusalem, nganti dadi pasamuwan kang gedhe banget, padha ngriyayakake dina gedhe mangan roti tanpa ragi ing sasi kang kapindho.