1 Sawuse lelakon kang mratelakake kasetyane Sang Prabu Hizkia iku, Sang Prabu Sanherib, ratu ing nagara Asyur, rawuh lan nempuh Yehuda. Kutha-kutha beteng padha kakepang, lan bakal karebat.
2 Bareng Sang Prabu Hizkia nguningani manawa Sang Prabu Sanherib rawuh arep merangi Yerusalem,
3 Sang Prabu nuli pirembagan karo para panggedhe lan para prawirane sarta arep nutup sakehe sumber kang ana ing sajabane kutha, kabeh padha nyandikani arep mbiyantu.
4 Tumuli ana wong akeh, kang padha nglumpuk lan nutupi sakehing sumber lan kali kang mili saka ing satengahe nagara. Ujare mangkene: “Apa prelune para ratu ing Asyur satekane banjur padha oleh banyu akeh?”
5 Kanthi ngetog kakiyatan Sang Prabu Hizkia mbangun maneh sakehing tembok kang wus bengkah, lan yasa panggung-panggung ana ing sadhuwure. Uga tembok liyane ing sajabane tembok mau. Sang Prabu nuli uga nyantosani Milo ing kuthane Sang Prabu Dawud sarta banjur yasa tumbak lan tameng akeh banget.
6 Tumuli ngangkat tetindhih-tetindhihing perang kang manggedheni rakyat, padha kadhawuhan nglumpuk ana ing ngarsane ana ing alun-aluning gapurane kutha sarta padha dilejarake atine kalawan pangandikane kang mangkene:
7 “Padha disantosa lan tatag ing ati! Aja padha wedi lan giris marang ratu ing Asyur sawadya-balane kang ngiringake, awit kang ngrewangi kita iku kehe ngungkuli kang ngrewangi dheweke.