2 Babad 32:14-20 JAV

14 Panunggalane sakehe allahe bangsa-bangsa kang wus katumpes dening para leluhuringsun iku, sapa kang bisa ngluwari bangsane saka ing astaningsun? Apa iya Allahira bisa ngluwari sira kabeh saka ing astaningsun?

15 Mulane saiki, aja nganti Hizkia ngapusi lan mbujuk sira kalawan patrap mangkene iki! Sira aja padha ngandel marang dheweke, amarga ora ana allahe bangsa utawa karajan ngendi bae kang bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun lan saka ing astane para leluhuringsun, apa maneh Allahira iku, mangsa bisaa ngluwari sira kabeh saka ing astaningsun!”

16 Lan isih akeh maneh kang diucapake para punggawane Sang Prabu Sanherib mau, kang nglawan Pangeran Yehuwah Allah lan Sang Prabu Hizkia, abdine.

17 Sang Prabu Sanherib uga damel serat kang kebak panacad lan pangala-ala marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang surasane mangkene: “Kayadene para allahe bangsa-bangsa sakehe nagara liya ora bisa ngluwari bangsane saka ing astaningsun, mangkono uga Allahe Hizkia iya ora bakal bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun.”

18 Sarta maneh para punggawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara seru ing basa Yehuda marang rakyat Yerusalem kang ana ing sadhuwure tembok, kanggo memedeni lan gawe girise, supaya bisa ngrebut kutha iku.

19 Anggone padha ngandhakake bab Gusti Allahe Yerusalem iku padha kaya tumrap para allahe bangsa-bangsa liya, gaweaning tangane manungsa.

20 Marga saka iku Sang Prabu Hizkia lan Nabi Yesaya bin Amos banjur ndedonga lan sesambat marang ing swarga.