2 Babad 32:21-27 JAV

21 Pangeran Yehuwah nuli ngutus malaekat kang nyirnakake sakehing prawira kang gagah prakosa, para pangarep lan panggedhening wadya-bala kang ana ing pakuwone Sang Nata ing Asyur, satemah banjur padha bali menyang nagarane kalawan nandhang kawirangan. Sang Prabu kasedanan kalawan pedhang dening para putrane piyambak nalika lumebu ing kabuyutane allahe.

22 Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngluwari Sang Prabu Hizkia lan para wong kang manggon ing Yerusalem saka ing astane Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, lan saka ing tangane sakehe mungsuhe. Sarta Panjenengane ngganjar katentreman marang wong kabeh ana ing ngendi-endi.

23 Akeh wong kang padha nggawa pisungsung menyang ing Yerusalem kagem Pangeran Yehuwah lan barang-barang kang pengaji kagem Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mau. Wiwit nalika samana panjenengane kaluhurake dening sakehe bangsa.

24 Kacarita ing dina-dina iku Sang Prabu Hizkia banjur gerah, nganti meh seda. Sang Prabu nuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, sarta Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang panjenengane lan maringi sawijining pratandha kang elok.

25 Nanging Sang Prabu Hizkia ora ngatingalake panuwune tumrap kasaenan kang kaparingake marang panjenengane, marga Sang Nata dadi angkuh, satemah panjenengane lan Yehuda sarta Yerusalem banjur katempuh ing bebendu.

26 Nanging Sang Prabu tumuli ngrumaosi ing angkuhe mau tuwin banjur ngesorake sarirane, iya panjenengane iya para wong kang manggon ing Yerusalem, satemah bebenduning Pangeran Yehuwah ora tumempuh ing jamane Sang Prabu Hizkia.

27 Sang Prabu Hizkia kaparingan kasugihan lan kamulyan kang gedhe banget. Sang Prabu nuli yasa gedhong-gedhong kanggo nyimpen barang-barang emas, selaka lan sesotya kang larang-larang, anggi-anggi, tameng-tameng lan sawernane barang kang endah-endah,