23 Akeh wong kang padha nggawa pisungsung menyang ing Yerusalem kagem Pangeran Yehuwah lan barang-barang kang pengaji kagem Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mau. Wiwit nalika samana panjenengane kaluhurake dening sakehe bangsa.
24 Kacarita ing dina-dina iku Sang Prabu Hizkia banjur gerah, nganti meh seda. Sang Prabu nuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, sarta Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang panjenengane lan maringi sawijining pratandha kang elok.
25 Nanging Sang Prabu Hizkia ora ngatingalake panuwune tumrap kasaenan kang kaparingake marang panjenengane, marga Sang Nata dadi angkuh, satemah panjenengane lan Yehuda sarta Yerusalem banjur katempuh ing bebendu.
26 Nanging Sang Prabu tumuli ngrumaosi ing angkuhe mau tuwin banjur ngesorake sarirane, iya panjenengane iya para wong kang manggon ing Yerusalem, satemah bebenduning Pangeran Yehuwah ora tumempuh ing jamane Sang Prabu Hizkia.
27 Sang Prabu Hizkia kaparingan kasugihan lan kamulyan kang gedhe banget. Sang Prabu nuli yasa gedhong-gedhong kanggo nyimpen barang-barang emas, selaka lan sesotya kang larang-larang, anggi-anggi, tameng-tameng lan sawernane barang kang endah-endah,
28 uga gedhong-gedhong kanggo nyimpen pametuning gandum, anggur lan lenga, sarta kandhang-kandhang kanggo kewan kang gedhe-gedhe lan kandhang-kandhang kanggo pepanthan-pepanthan wedhus.
29 Sang Prabu yasa kutha-kutha sarta banjur kagungan wedhus lan sapi akeh, marga Gusti Allah paring raja-brana akeh banget marang panjenengane.