2 Babad 32:27-33 JAV

27 Sang Prabu Hizkia kaparingan kasugihan lan kamulyan kang gedhe banget. Sang Prabu nuli yasa gedhong-gedhong kanggo nyimpen barang-barang emas, selaka lan sesotya kang larang-larang, anggi-anggi, tameng-tameng lan sawernane barang kang endah-endah,

28 uga gedhong-gedhong kanggo nyimpen pametuning gandum, anggur lan lenga, sarta kandhang-kandhang kanggo kewan kang gedhe-gedhe lan kandhang-kandhang kanggo pepanthan-pepanthan wedhus.

29 Sang Prabu yasa kutha-kutha sarta banjur kagungan wedhus lan sapi akeh, marga Gusti Allah paring raja-brana akeh banget marang panjenengane.

30 Sang Prabu Hizkia uga wus dhawuh mbendhung ilen-ilen Gihon ing sisih dhuwur, lan kailekake mangulon, menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud. Sakehe pambudidayane Sang Prabu Hizkia oleh gawe.

31 Mangkono uga para utusane ratu-ratu ing Babil padha sowan ing ngarsane prelu munjuk pitakon bab pratandha kang elok kang wus kelakon ana ing nagara; ing nalika iku Gusti Allah nilar panjenengane kanggo nyobi, supaya tetelaa apa kang ana ing sajroning panggalihe.

32 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Hizkia lan pandamel-pandamele kang nelakake kasetyane, lah iku kabeh katulisan ana ing Wahyune Nabi Yesaya bin Amos, ing layang bab para ratu ing Yehuda lan ing Israel.

33 Sang Prabu Hizkia nuli kepareng aso nunggil karo para leluhure, lan kasarekake ing unggah-unggahan kang anjog ing pasareane para putrane Sang Prabu Dawud. Nalika sedane wong satanah Yehuda kabeh lan para kang manggon ing Yerusalem padha nyaosi pakurmatan marang panjenengane. Pangeran Manasye, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.