2 Babad 32:4-10 JAV

4 Tumuli ana wong akeh, kang padha nglumpuk lan nutupi sakehing sumber lan kali kang mili saka ing satengahe nagara. Ujare mangkene: “Apa prelune para ratu ing Asyur satekane banjur padha oleh banyu akeh?”

5 Kanthi ngetog kakiyatan Sang Prabu Hizkia mbangun maneh sakehing tembok kang wus bengkah, lan yasa panggung-panggung ana ing sadhuwure. Uga tembok liyane ing sajabane tembok mau. Sang Prabu nuli uga nyantosani Milo ing kuthane Sang Prabu Dawud sarta banjur yasa tumbak lan tameng akeh banget.

6 Tumuli ngangkat tetindhih-tetindhihing perang kang manggedheni rakyat, padha kadhawuhan nglumpuk ana ing ngarsane ana ing alun-aluning gapurane kutha sarta padha dilejarake atine kalawan pangandikane kang mangkene:

7 “Padha disantosa lan tatag ing ati! Aja padha wedi lan giris marang ratu ing Asyur sawadya-balane kang ngiringake, awit kang ngrewangi kita iku kehe ngungkuli kang ngrewangi dheweke.

8 Kang ngrewangi dheweke iku tangan manungsa, nanging kang ngrencangi kita iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kang mbiyantu kita lan kang nyarirani perang kita.” Marga saka pangandikane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda kang mangkono iku rakyat nuli tetep maneh atine.

9 Sawuse iku kang Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, kang lagi ngepang Lakhis kalawan wadya-balane kabeh, banjur ngutus punggawa menyang ing Yerusalem, marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda lan marang sakehe wong Yehuda kang ana ing Yerusalem:

10 “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur: Apa kang padha sira arep-arep, dene sira padha tetep ana ing Yerusalem kang kakepung iki?