1 Pangeran Manasye nalika jumeneng ratu yuswane rolas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase seket lima taun.
2 Sang Prabu nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah cocog karo panggawene nistha para bangsa kang wus ditundhungi dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.
3 Panjenengane ngedegake maneh tengger-tengger pangurbanan kang wus padha dibubrahi dening Sang Prabu Hizkia, kang rama; Sang Nata yasa misbyah-misbyah kanggo para Baal, damel reca-reca Asyera sarta sujud lan nyembah marang wadya-bala ing langit kabeh tuwin ngabekti marang iku.
4 Panjenengane iya ngedegake misbyah-misbyah ana ing padalemaning Yehuwah, sanadyan tumrap padaleman iku Pangeran Yehuwah wus ngandika: “AsmaningSun bakal dumunung ana ing Yerusalem ing salawas-lawase!”
5 Sarta uga damel misbyah-misbyah kanggo wadya-bala ing langit kabeh ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah karo pisan.