2 Babad 33:4-10 JAV

4 Panjenengane iya ngedegake misbyah-misbyah ana ing padalemaning Yehuwah, sanadyan tumrap padaleman iku Pangeran Yehuwah wus ngandika: “AsmaningSun bakal dumunung ana ing Yerusalem ing salawas-lawase!”

5 Sarta uga damel misbyah-misbyah kanggo wadya-bala ing langit kabeh ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah karo pisan.

6 Malah para putrane padha kapasrahake minangka kurban ing geni ana ing Lebak Ben-Hinom; panjenengane oleh ngelmu weca, ngelmu pethek lan ngelmu sikir, sesrawungan karo para prewangan tuwin para tukang ngundang roh kang memeca. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah akeh banget, temah damel gerahing panggalihe.

7 Panjenengane uga mrenahake reca brahala damelane ana ing padalemaning Allah, sanadyan Gusti Allah wus ngandika marang Sang Prabu Dawud lan marang Sang Prabu Suleman, kang putra: “Ana ing padaleman iki lan ana ing Yerusalem, kang wus Sunpilih saka ing astane suku Israel, Ingsun bakal mrenahake asmaningSun ing salawas-lawase!

8 Ingsun ora bakal ndadekake sikile wong Israel nganti sumingkir maneh saka ing tanah kang wus Sungadhangake marang para leluhurira, anggone padha lestari nindakake sakehe pepakeningSun lumantar Musa, yaiku sakehe angger-angger, katetepan lan pranatan.”

9 Nanging Sang Prabu Manasye nasarake Yehuda lan para kang manggon ing Yerusalem, temah padha nindakake apa kang ala ngluwihi para bangsa kang wus kasirnakake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

10 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Sang Prabu Manasye lan rakyate, nanging padha ora maelu marang pangandika iku.