9 Nanging Sang Prabu Manasye nasarake Yehuda lan para kang manggon ing Yerusalem, temah padha nindakake apa kang ala ngluwihi para bangsa kang wus kasirnakake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.
10 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Sang Prabu Manasye lan rakyate, nanging padha ora maelu marang pangandika iku.
11 Awit saka iku Sang Yehuwah nuli ndhatengake para panggedhening wadya-balane Sang Nata ing Asyur, kang nyepeng Sang Prabu Manasye nganggo ganthol, nuli kabanda nganggo rante tembaga sarta banjur kagawa menyang ing Babil.
12 Ing sajroning kaanan kapepet iku, Sang Prabu ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe; panjenengane ngesorake sarirane banget ana ing ngarsane Gusti Allahe para leluhure,
13 sarta ndedonga marang Panjenengane. Pangeran Yehuwah banjur ngabulake pandongane lan minangkani panyuwune. Gusti Allah mangsulake panjenengane menyang Yerusalem tuwin kajumenengake ratu maneh. Sang Prabu Manasye nuli ngakeni, manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah.
14 Sang Prabu banjur ngedegake tembok njaba ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, ana ing sakulone Gihon, ana ing lebak, nganti tekan ing sacedhake Gapura Iwak, ngubengi ing Ofel. Tembok iku kagawe dhuwur banget. Sang Nata uga mapanake panggedhe-panggedhening perang ana ing saben kutha-beteng ing tanah Yehuda.
15 Allah-allah ngamanca lan brahala padha kasingkirake saka ing padalemaning Sang Yehuwah, uga sakehe misbyah kang kaedegake ana ing gununge padalemane Pangeran Yehuwah lan kang ana ing Yerusalem, iku padha dibuwangi menyang ing sajabaning kutha.