2 Babad 34:24-30 JAV

24 Makaten pangandikaning Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai marang ing panggonan kene lan marang kang padha ngenggoni, yaiku sakehe ipat-ipat kang katulisan ana ing kitab kang wus kawaca ana ing ngarepe ratu ing Yehuda,

25 amarga padha ngungkurake marang Ingsun lan sesaji kurban marang allah liyane; sedyane arep gawe gerahing panggalihingSun sarana sakehe gegaweane tangane. Mulane bebenduningSun kang mulad-mulad bakal kaesokake ing panggonan kene sarta iku ora bakal sirep-sirep.

26 Nanging marang ratu Yehuda kang wus ngutus sira kabeh nyuwun pitedahing Sang Yehuwah, sira padha matura mangkene: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Mungguh tembung kang wus sira rungu iku

27 ing sarehne sira wus ngatonake panalangsanira lan ngesorake awakira ana ing ngarsaning Allah nalika sira krungu pangandikane tumrap panggonan iki lan tumrap para kang padha ngenggoni, ing sarehne sira ngesorake awakira ana ing ngarsaningSun, lan nyuwek-nyuwek panganggonira sarta nangis ana ing ngarsaningSun, Ingsun ya wus miyarsakake iku, -- makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah --

28 mulane lah sira bakal Suntunggalake kalawan para leluhurira lan sira bakal kakubur ana ing pakuburanira kalawan tentrem, sarta mripatira bakal ora ndeleng marang sakehe bilai kang bakal Sundhatengake marang ing panggonan iki lan marang kang padha manggon ing kene.” Para utusan nuli padha ngaturake pangandika mau marang Sang Prabu.

29 Sawuse iku Sang Nata dhawuh nglempakake sakehe pinituwa ing Yehuda lan ing Yerusalem.

30 Sang Prabu nuli tindak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah, kadherekake ing wong Yehuda lan kang manggon ing Yerusalem kabeh, para imam, para wong Lewi, lan wong sabangsa kabeh, kang gedhe lan kang isih cilik. Sang Prabu banjur maosake wong mau kabeh sakehing sabda ing kitab prajanjian kang katemu ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah mau.