28 mulane lah sira bakal Suntunggalake kalawan para leluhurira lan sira bakal kakubur ana ing pakuburanira kalawan tentrem, sarta mripatira bakal ora ndeleng marang sakehe bilai kang bakal Sundhatengake marang ing panggonan iki lan marang kang padha manggon ing kene.” Para utusan nuli padha ngaturake pangandika mau marang Sang Prabu.
29 Sawuse iku Sang Nata dhawuh nglempakake sakehe pinituwa ing Yehuda lan ing Yerusalem.
30 Sang Prabu nuli tindak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah, kadherekake ing wong Yehuda lan kang manggon ing Yerusalem kabeh, para imam, para wong Lewi, lan wong sabangsa kabeh, kang gedhe lan kang isih cilik. Sang Prabu banjur maosake wong mau kabeh sakehing sabda ing kitab prajanjian kang katemu ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah mau.
31 Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ana ing panggenane sarta damel prajanjian ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, manawa bakal manut marang Pangeran Yehuwah, netepi ing pepakene, pranatane lan katetepane kalawan gumolonging atine, tuwin kalawan gumolonging nyawane sarta bakal nindakake sabdaning prajanjian kang katulis ing kitab mau.
32 Sakehe wong ing Yerusalem lan ing Benyamin padha kadhawuhan ndherek manjing ing prajanjian iku. Anadene para wong ing Yerusalem iya padha tumindak manut prajanjianing Allah, yaiku Gusti Allahe para leluhure.
33 Sang Prabu Yosia nyingkirake sakehe dewaning kanisthan ing dhaerahe wong Israel kabeh sarta dhawuh marang sakehe wong kang ana ing tanah Israel supaya padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe. Ing sajege sugenge Sang Prabu Yosia, wong-wong ora padha nyimpang saka anggone manut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.