2 Babad 34:9-15 JAV

9 Iku banjur padha sowan marang ing ngarsane Imam Agung Hilkia prelu masrahake dhuwit kang wus kalebokake menyang ing padalemaning Allah lan kang wus kaklumpukake dening para wong Lewi, yaiku para jaga-gapura, saka para wong Manasye lan Efraim, sarta sakehe wong Israel kang isih manggon ana ing kono tuwin uga saka wong Yehuda lan Benyamin apadene saka para wong kang manggon ing Yerusalem.

10 Dhuwit mau nuli kapasrahake marang para wong kang padha diangkat dadi juru rumeksa padalemaning Pangeran Yehuwah; wong iku banjur migunakake dhuwit kanggo ndandani padalemaning Sang Yehuwah.

11 Dhuwite dibayarake marang para tukang kayu lan para tukang bangunan, padha dianggo tuku watu tatahan lan kayu kanggo blandar sarta kanggo ragangane gedhong-gedhong, kang wus rusak lan ora kagalih dening para ratu ing Yehuda.

12 Wong-wong mau anggone padha nindakake pagaweane kalawan tumemen. Anadene wong-wong kang padha kadadekake lelurahe yaiku: Yahat lan Obaja, wong Lewi saka bani Merari; sabanjure kang manggedheni sakabehe iku Zakharia lan Mesulam saka bani Kehat. Sakehe wong Lewi kang pinter ngunekake piranti-piranti musik

13 padha dadi tetindhihe kuli lan nuntun ing sajrone nindakake pagawean apa bae. Ing antarane para wong Lewi iku ana kang dadi juru tulis, lurah lan jaga-gapura.

14 Nalika padha ngetokake dhuwit kang wus kalebokake menyang ing padalemaning Yehuwah, Imam Agung Hilkia manggih kitab Torete Pangeran Yehuwah, kang wus kaparingake lumantar Nabi Musa.

15 Imam Agung Hilkia tumuli ngandika marang Sang Safan, sekretaris nagara: “Kula kala wau manggih kitab Toret wonten ing padalemaning Sang Yehuwah!” Imam Agung Hilkia banjur masrahake kitab iku marang Sang Safan,