9 Banjur uga damel plataraning para imam lan plataran amba, apadene lawang-lawanging plataran iku; lawang-lawang mau kalapis tembaga.
10 “Segarane” kaprenahake ing sisih tengen ing kidul wetan.
11 Huram iya gawe kwali, susuk tuwin bokor-bokor panyiraman.Mangkono Huram anggone ngrampungake pagawean kang kudu katindakake awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Allah,
12 yaiku: tugu loro karo krebil mblendhuk loro kang tumumpang ing dhuwure tugu mau, nam-naman loro kang ngrodhongi krebil mblendhuk loro iku;
13 apadene tetironing dlima patang atus kanggo namnaman loro mau, dlima rong larik kanggo siji-sijining nam-naman kang kagawe ngrodhongi krebil mblendhuk loro kang ana ing dhuwure tugu mau.
14 Uga wus gawe kretan-kretan panuwak lan jembangan-jembangan kang tumumpang ing dhuwure kretan-kretan iku.
15 “Segaran” siji lan sapi rolas ana ing ngisore.