2 Babad 6:28-34 JAV

28 Manawi ing nagari punika wonten pailan, manawi wonten pageblug, ama gosong, ama lodhoh, ama walang srakah, manawi sami kadamel rupek dening mengsah wonten ing salah satunggaling kithanipun, manawi wonten wewelak utawi sesakit punapa kemawon,

29 lajeng wonten tiyang utawi umat Paduka Israel sadaya ngunjukaken pandonga saha panyuwun wonten ing padaleman punika kalayan ngulukaken tanganipun -- awit satunggal-satunggalipun nyumerepi dhateng wewelakipun tuwin kasangsaranipun piyambak --

30 Paduka mugi karsaa midhangetaken saking ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapadene Paduka mugi karsaa paring pangapunten saha karsaa paring piwales dhateng saben tiyang miturut ing sakathahing pandamelipun, amargi Paduka nguningani manahipun -- awit namung Paduka ingkang nguningani manahipun para anaking manungsa, --

31 supados tiyang-tiyang wau sami ajrih dhumateng Paduka saha lajeng sami lumampah ing sakathahing margi pitedah Paduka ing salaminipun gesang wonten ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.

32 Makaten ugi manawi wonten tiyang ngamanca, ingkang boten kagolong umat Paduka Israel, ingkang dhateng saking nagari tebih margi saking asma Paduka ingkang luhur, asta Paduka ingkang rosa saha lengen Paduka ingkang kaacungaken, mangka tiyang wau nunten ndedonga wonten ing padaleman Paduka,

33 Paduka mugi inggih karsaa miyarsakaken saking ing swarga, saking papan padaleman Padaleman Paduka ingkang tetep, punapadene mugi karsaa tumindak ingkang laras kaliyan sakathahing pasambatipun tiyang ngamanca wau dhumateng Paduka, supados sakathahing bangsa ing bumi sami nyumerepana dhateng ing asma Paduka, satemah lajeng sami ajrih dhumateng Paduka kadosdene umat Paduka Israel, tuwin sami mangretos, bilih asma Paduka sampun kasebut tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.

34 Manawi umat Paduka nglurug perang nglawan mengsah-mengsahipun, dhatenga pundi kemawon anggen Paduka dhawuh lumampah, sarta manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan madhep dhateng ing kitha ingkang sampun Paduka pilih punika, saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka punika,