2 Babad 6:35-41 JAV

35 mugi Paduka karsaa midhangetaken pandonga tuwin panyuwunipun saking ing swarga, punapadene Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhateng tiyang-tiyang wau.

36 Manawi sami damel dosa dhumateng Paduka -- awit boten wonten manungsa ingkang boten gadhah dosa -- saha Paduka lajeng duka dhateng tiyang-tiyang punika, sami Paduka pasrahaken dhateng mengsah, satemah nunten katawan tuwin kaboyong dhateng ing nagari ingkang tebih utawi ingkang celak,

37 mbokbilih wonten ing tanah pamboyongan tumunten sami kraos ing salebeting batos lajeng sami cariyos: kula sampun sami damel dosa, sami kalepatan tuwin nglampahi duraka,

38 manawi nunten sami mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manah saha kanthi gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun tiyang ingkang sami nawan lan mboyong, punapa dene sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan madhep dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih tuwin dhateng ing padaleman, ingkang sampun kawula degaken kagem ing asma Paduka punika,

39 Paduka mugi karsaa miyarsakaken saking ing swarga, saking ing panggenaning padaleman Paduka ingkang tetep dhateng pandonga tuwin sakathahing panyuwunipun saha Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhateng tiyang-tiyang wau sarta karsaa paring pangapunten dhateng umat Paduka ingkang sampun damel dosa dhumateng Paduka punika.

40 Awit saking punika, dhuh Allah kawula, paningal Paduka mugi mirsanana tuwin talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonga ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika.

41 Wondene sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng saha tedhak ing papan pakendelan Paduka,Paduka kaliyan pethining karosan Paduka.Mugi para imam Paduka, dhuh Yehuwah Allah, sami sinandhangana ing karaharjan,tuwin para tiyang ingkang Paduka tresnani sami abingah-bingaha margi saking kasaenan Paduka.