6 Nanging wekasane Ingsun milih Yerusalem minangka papaning padalemane asmaningSun sarta milih Dawud supaya ngwasani umatingSun Israel.
7 Nalika Rama Dawud, ramaningsun, kagungan karsa arep yasa padaleman kagem asmaning Yehuwah, Gusti Allahe Israel,
8 banjur dipangandikani dening Sang Yehuwah: Sira duwe karep arep ngedegake padaleman kagem asmaningSun, karepira iku pancen becik;
9 mung bae dudu sira kang bakal yasa padaleman iku, nanging anakira dhewe kang besuk bakal lair, iku kang bakal ngedegake padaleman iku kanggo asmaningSun.
10 Dadine Pangeran Yehuwah wus netepi janji kang wus dipangandikakake; ingsun wus madeg nggentosi Rama Dawud, ramaningsun, lan wus lenggah ing dhamparing karajan Israel, kaya kang wus kapangandikakake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel,
11 sarta wus mrenahake pethi ana ing kono, kang isi prajanjian kang wus kadamel dening Pangeran Yehuwah karo wong Israel.”
12 Sawuse mangkono Sang Prabu banjur jumeneng ana ing sangarepe misbyahe Pangeran Yehuwah, ing sangarepe pasamuwane Israel kabeh, nuli ngegarake astane