1 Bareng Sang Prabu Suleman wus mungkasi pandongane, nuli ana geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa kurban obaran lan kurban-kurban sembelehan nganti tapis, sarta padaleman mau banjur kapenuhan ing kamulyane Sang Yehuwah.
2 Para Imam padha ora bisa lumebu ing padalemane Pangeran Yehuwah, amarga kamulyane Sang Yehuwah ngebeki padaleman kono.
3 Nalika wong Israel kabeh padha sumurup geni kang tumurun lan kamulyane Sang Yehuwah kang nglimputi padaleman mau, banjur padha jengkeng ana ing jrambah, raine konjem ing bumi, tumuli padha sujud nyembah sarta padha ngrepekake kidung pamuji sokur kagem Pangeran Yehuwah: “Marga Panjenengane iku becik! Sih-kadarmane iku pranyata langgeng ing salawase.”
4 Sang Prabu Suleman lan sabangsa kabeh banjur padha ngunjukake kurban sembelehan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
5 Minangka kurban sembelehan Sang Prabu Suleman nyaosake sapi rolikur ewu lan wedhus satus rong puluh ewu. Kaya mangkono anggone Sang Prabu lan wong sabangsa kabeh padha ngresmekake padalemaning Allah.
6 Para imam wus padha mapan ana ing panggonane. Samono uga para wong Lewi iya wus padha samekta piranti-piranti musik kanggo ngluhurake Pangeran Yehuwah, yaiku -- piranti-piranti musik yasane Sang Prabu Dawud kanggo ngiringi kidung panuwun konjuk marang Sang Yehuwah: “Sih-kadarmane iku pranyata langgeng ing salawase!” yaiku samangsa Sang Prabu Dawud dhawuh supaya padha ngidungake pepujian. Manawa pinuju mangkono iku para imam padha ngadeg ngadhepake wong-wong mau kambi ngunekake kalasangka, dene wong Israel padha ngadeg kabeh.
7 Sang Prabu Suleman banjur nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemaning Yehuwah, amarga sakehe kurban obaran lan gajih kurban slametan padha kaupakara ana ing kono, awit misbyahe tembaga yasane Sang Prabu Suleman ora kamot manawa kanggo kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajih kurban mau.