2 Babad 7:11-17 JAV

11 Kaya mangkono anggone Sang Prabu Suleman ngrampungake padalemaning Yehuwah lan kadhatone Sang Prabu sarta anggone wus saged ngleksanani samubarang kabeh kang tuwuh ing sajroning panggalihe ing bab anggone karsa yasa padalemaning Yehuwah lan kadhatone.

12 Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ing wayah bengi ngatingal marang Sang Prabu Suleman lan ngandika marang panjenengane mangkene: “Pandonganira wus Sunpiyarsakake sarta panggonan iki wus Sunpilih kagem Ingsun minangka dalem pangorbanan.

13 Manawa Ingsun nginebake langit, satemah banjur ora ana udan, lan manawa Ingsun dhawuh marang walang-walang supaya padha mangsa pametuning bumi nganti tapis, sarta manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing satengahe umatingSun,

14 mangka umatingSun kang sesebutane kapirid saka ing asmaningSun, iku tumuli ngesorake awake, ndedonga lan ngupaya marang wedananingSun sarta banjur mratobat ngunduri lakune kang ala, Ingsun bakal miyarsakake saka ing swarga lan ngapura marang dosane, apadene nagarane bakal Sunpulihake.

15 Saiki paningalingSun mirsani lan talinganingSun nilingake pandonga saka ing panggonan kene.

16 Padaleman iki saiki wus Sunpilih lan Sunsucekake, supaya asmaningSun lestari ana ing kono nganti ing salawase; paningalingSun lan panggalihingSun tansah bakal ana ing kono.

17 Anadene sira, manawa lakunira ana ing ngarsaningSun kayadene Dawud, bapakira lan nindakake apa kang cundhuk karo sakehe dhedhawuhaningSun marang sira, sarta manawa sira lestari manut miturut marang sakehe katetepan lan pranataningSun,