7 Sang Prabu Suleman banjur nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemaning Yehuwah, amarga sakehe kurban obaran lan gajih kurban slametan padha kaupakara ana ing kono, awit misbyahe tembaga yasane Sang Prabu Suleman ora kamot manawa kanggo kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajih kurban mau.
8 Ing nalika iku uga Sang Prabu Suleman nganakake riyaya tancebing tarub suwene pitung dina dalah wong sabangsa kabeh, sawijining pasamuwan kang luwih dening gedhe, wiwit dalan kang lumebu menyang ing kutha Hamat nganti tekan ing kali Mesir.
9 Ing dina kang kaping wolu padha nganakake parepatan agung, amarga mentas padha ngriyayakake paresmiane misbyah lawase pitung dina lan riyaya tancebing tarub lawase pitung dina.
10 Ing dina kang kaping telulikur, sasi kang kapitu wong kabeh padha kalilan mundur mulih menyang ing tarube kalawan bungah lan seneng awit saka kadarman kang wus kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang Sang Prabu Dawud, marang Sang Prabu Suleman, sarta marang wong Israel, umate.
11 Kaya mangkono anggone Sang Prabu Suleman ngrampungake padalemaning Yehuwah lan kadhatone Sang Prabu sarta anggone wus saged ngleksanani samubarang kabeh kang tuwuh ing sajroning panggalihe ing bab anggone karsa yasa padalemaning Yehuwah lan kadhatone.
12 Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ing wayah bengi ngatingal marang Sang Prabu Suleman lan ngandika marang panjenengane mangkene: “Pandonganira wus Sunpiyarsakake sarta panggonan iki wus Sunpilih kagem Ingsun minangka dalem pangorbanan.
13 Manawa Ingsun nginebake langit, satemah banjur ora ana udan, lan manawa Ingsun dhawuh marang walang-walang supaya padha mangsa pametuning bumi nganti tapis, sarta manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing satengahe umatingSun,