10 Iki para punggawa kang dhuwur dhewe, abdine Sang Prabu Suleman: rong atus seket cacahe kang padha mbawahake rakyat.
11 Sang Prabu Suleman banjur mindhah putri, putrane Sang Prabu Pringon, saka ing kuthane Sang Prabu Dawud menyang ing daleme anggone ngyasakake, awit pangandikane: “Garwaningsun aja nganti ana kang manggon ing kratone Rama Dawud, ratu ing Israel, amarga panggonan-panggonan kang wus dileboni ing pethine Pangeran Yehuwah iku suci.”
12 Sang Prabu Suleman nuli ngunjukake kurban-kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyahing Yehuwah kang wus kaadegake ana ing sangarepe srambining Padaleman Suci,
13 cundhuk karo apa kang manut dhawuhe Nabi Musa katetepake dadi kurban dinan, kurban ing dina Sabat, ing sasi anyar, lan setaun kaping telu ing dina riyaya, yaiku: ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing dina riyaya Pungkasaning Pitung Minggu lan ing dina riyaya Tancebing Tarub,
14 lan manut tatanane Sang Prabu Dawud, kang rama, golongan-golonganing para imam padha kaparingan kawajibane dhewe-dhewe, dene para wong Lewi padha pinaringan kawajiban ngidungake pepujian lan ngladeni marang para imam, iku saben dina manut kang ketetepake ing dina iku, sarta uga para jaga gapura tumrap golongan-golongane kanggo saben gapura. Amarga mangkono dhawuhe Sang Prabu Dawud, abdining Allah.
15 Wong-wong padha ora nyimpang saka ing dhawuhe Sang Prabu ing bab para imam lan para wong Lewi sarta ing bab apa bae, uga ing bab barang-barang.
16 Ing kono pakaryane Sang Prabu Suleman wus rampung, wiwit dina pamasanging dhasare padalemane Pangeran Yehuwah nganti ing dina rampunging padaleman iku. Kaya mangkono banjur wus rampung padalemaning Yehuwah.