6 lan uga Baalat sarta sakehe kutha pasimpenan kagungane Sang Prabu Suleman, sakehe kutha panggonane wadya-bala kretan tuwin kutha-kutha panggonane wadya-bala jaranan lan apa bae kang dikarsakake dening Sang Prabu Suleman supaya didegake ana ing Yerusalem, ing gunung Libanon, utawa ing sakehe nagara kang dikwaosi.
7 Sakehe kekarene panunggalane wong Het, wong Amori, wong Peris, wong Hewi lan wong Yebus, kang ora kagolong Israel,
8 yaiku turune para bangsa kang isih padha manggon ana ing nagara kono, kang ora kasirnakake dening wong Israel iku padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman, kadadekake wong nyangga karya; kaya mangkono iku nganti saprene.
9 Nanging wong Israel ora ana kang diparingi pagaweaning budhak, iku padha dadi prajurit, dadi panggedhening wadya-bala jaranan lan dadi senapatining wadya-bala kretan sarta wadya-bala jaranan.
10 Iki para punggawa kang dhuwur dhewe, abdine Sang Prabu Suleman: rong atus seket cacahe kang padha mbawahake rakyat.
11 Sang Prabu Suleman banjur mindhah putri, putrane Sang Prabu Pringon, saka ing kuthane Sang Prabu Dawud menyang ing daleme anggone ngyasakake, awit pangandikane: “Garwaningsun aja nganti ana kang manggon ing kratone Rama Dawud, ratu ing Israel, amarga panggonan-panggonan kang wus dileboni ing pethine Pangeran Yehuwah iku suci.”
12 Sang Prabu Suleman nuli ngunjukake kurban-kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyahing Yehuwah kang wus kaadegake ana ing sangarepe srambining Padaleman Suci,