2 Babad 9:1 JAV

1 Kacarita bareng Sang Raja Putri Syeba midhanget kabar bab Sang Prabu Suleman, panjenengane banjur tedhak menyang Yerusalem, kadherekake ing abdi akeh banget kanthi mbekta unta kang momot anggi-anggi, emas akeh lan sesotya kang larang-larang, karsane arep nguji Sang Prabu Suleman sarana cangkriman. Bareng wus rawuh ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman, tumuli nglairake apa saisining panggalihe marang panjenengane.

maca bab lengkap 2 Babad 9

tampilan 2 Babad 9:1 ing konteks