11 Sang Prabu ngagem kayu cendhana iku kagem yasa undhak-undhakan ing padalemaning Yehuwah lan kedhatone Sang Prabu, sarta uga kagem yasa clempung lan slukat kanggo para juru ngidung, kang kaya mangkono iku ing maune durung tau ana ing tanah Yehuda.
12 Sang Raja Putri ing nagara Syeba banjur dicaosi kabeh apa kang dikarsakake lan kang dipundhut, ngluwihi kang dicaosake marang Sang Prabu. Sang Raja Putri nuli kondur menyang ing nagarane kadherekake dening para punggawane.
13 Anadene bobote emas kang konjuk marang Sang Prabu Suleman ing sajrone setaun iku nem atus sewidak enem talenta
14 iku durung kapetung kang diladekake dening para sudagar lan para wong dagang; uga sakehe ratu Arab lan para bupatine padha ngunjukake emas lan selaka marang Sang Prabu Suleman.
15 Sang Prabu Suleman yasa tameng emas gemblengan gedhe rong atus, saben tameng gedhe siji kang digawe emas gemblengan nem atus sekel;
16 uga yasa tameng emas gemblengan cilik telung atus, saben tameng cilik siji kang digawe emas telung atus sekel; kabeh iku mau nuli kasimpen dening Sang Prabu ana ing gedhong “Alas Libanon”.
17 Sang Nata iya yasa dhampar gedhe kang digawe gadhing, nganggo dilapis emas murni.