24 Siji-sijine padha sowan lan nyaosake pisungsunge, yaiku barang-barang dandanan emas lan selaka, pangageman, gegaman, anggi-anggi, jaran lan bihal. Mangkono iku saben taun.
25 Sang Prabu Suleman kagungan gedhogan patang ewu kanggo jaran-jarane lan kreta-kretane, sarta prajurit jaranan rolas ewu, kang padha dipanggonake ana ing kutha-kutha panggonan kreta lan cedhak karo Sang Nata ana ing Yerusalem.
26 Lan maneh Sang Prabu mau ngereh sakehing ratu wiwit ing bengawan Efrat nganti tekan ing nagarane wong Filisti tuwin ing tapel watese tanah Mesir.
27 Kehe selaka ing Yerusalem kadamel dening Sang Prabu nganti kaya watu lan kehe wit kayu eres padha kaya wit sikma kang thukul ing Tanah Pegunungan.
28 Jaran kang kagem Sang Prabu Suleman iku weton Mesir lan saka ing sakehe nagara ngamanca.
29 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Suleman wiwit wiwitan nganti tekan ing wekasan, kabeh iku rak katulisan ana ing riwayate Nabi Natan lan ing pamedhare wangsit Nabi Ahia, wong Silo, tuwin ing wahyu-wahyune Idho, wong sidik, bab Sang Prabu Yerobeam bin Nebat?
30 Sang Prabu Suleman anggone jumeneng ana ing Yerusalem ngratoni wewengkone Israel kabeh iku lawase patang puluh taun.