27 Kehe selaka ing Yerusalem kadamel dening Sang Prabu nganti kaya watu lan kehe wit kayu eres padha kaya wit sikma kang thukul ing Tanah Pegunungan.
28 Jaran kang kagem Sang Prabu Suleman iku weton Mesir lan saka ing sakehe nagara ngamanca.
29 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Suleman wiwit wiwitan nganti tekan ing wekasan, kabeh iku rak katulisan ana ing riwayate Nabi Natan lan ing pamedhare wangsit Nabi Ahia, wong Silo, tuwin ing wahyu-wahyune Idho, wong sidik, bab Sang Prabu Yerobeam bin Nebat?
30 Sang Prabu Suleman anggone jumeneng ana ing Yerusalem ngratoni wewengkone Israel kabeh iku lawase patang puluh taun.
31 Sang Prabu Suleman banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, kang rama. Pangeran Rehabeam, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.