5 Panjenengane nuli ngandika marang Sang Prabu: “Pancen leres pawartos ingkang kula pireng wonten ing nagari kula bab panjenengan saha bab kawicaksanan panjenengan,
6 ewasamanten kula boten pitados dhateng tembungipun tiyang-tiyang, ngantos kula ndhatengi lan nyumerepi piyambak; lah kawicaksanan panjenengan ingkang ageng punika ingkang dipun cariyosaken dhateng kula sapalihipun kemawon dereng wonten; kawontenan panjenengan nglangkungi pawartos ingkang kula pireng.
7 Rahayu para tiyang panjenengan, tuwin rahayu para punggawa panjenengan ingkang tansah ngladosi panjenengan saha nyumerepi kawicaksanan panjenengan!
8 Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang karenan dhateng panjenengan, ngantos panjenengan lajeng kalenggahaken ing dhamparipun, kadadosaken ratu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan! Ing sarehne Gusti Allah penjenengan asih dhateng tiyang Israel, mila kalestantunaken ing salami-laminipun, dene panjenengan kadadosaken ratunipun supados nindakaken kaadilan lan kaleresan.”
9 Sang Prabu banjur dicaosi emas satus rong puluh talenta lan anggi-anggi akeh banget tuwin sesotya kang larang-larang; ora tau ana anggi-anggi kang akehe kaya kang dicaosake dening ratu ing nagara Syeba marang Sang Prabu Suleman mau.
10 Sarta maneh para abdine Sang Prabu Huram lan para abdine Sang Prabu Suleman, kang nggawa emas saka ing Ofir, iku padha nggawa kayu cendhana lan sesotya kang larang-larang.
11 Sang Prabu ngagem kayu cendhana iku kagem yasa undhak-undhakan ing padalemaning Yehuwah lan kedhatone Sang Prabu, sarta uga kagem yasa clempung lan slukat kanggo para juru ngidung, kang kaya mangkono iku ing maune durung tau ana ing tanah Yehuda.