10 Kang asat kaparingan aran: bumi, lan kaklumpukane banyu diparingi aran: segara. Kabeh mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.
11 Apamaneh pangandikane Gusti Allah: “Bumi metokna thethukulan, tetuwuhan kang ana wijine, wit-witan kang metu wohe warna-warna kang isi wiji ana ing bumi.” Banjur iya kelakon mangkono.
12 Bumi banjur nuwuhake thethukulan, sawernaning tetuwuhan kang ana wijine lan sakehing wit-witan kang metokake woh kang isi wiji. Lan iku mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.
13 Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk: dina kang katelu.
14 Gusti Allah banjur ngandika: “Ing pepenthengan langit anaa pepadhang kanggo merang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadene dina lan taun.
15 Karomaneh padha dadia pepadhang ana ing pepenthengan langit supaya madhangi bumi.” Lan iya kelakon mangkono.
16 Gusti Allah yasa pepadhang gedhe loro, kang gedhe dhewe supaya mengkua ing wayah rina, lan kang kepara cilik supaya mengkua ing wayah bengi, mangkono uga lintang-lintang.