Purwaning Dumadi 18 JAV

Gusti Allah mangsuli kasagahane anggone bakal maringi putra kakung marang Rama Abraham

18:1-15

1 Sawuse mangkono Sang Yehuwah ngatingal marang Rama Abraham ana ing sacedhake wit tarbantin ing Mamre, nalika pinuju lenggahan ana ing lawanganing tarube wayah awan mbeneri panas gumemplang.

2 Bareng ndengengek mirsa priya telu jumeneng ing ngarsane, banjur murugi methukake sarta sumungkem ing bumi

3 karo matur: “Dhuh para bendara, manawi kula manggih sih wonten ing ngarsa panjenengan, mugi tindak panjenengan sampun ngantos nglangkungi ingkang abdi;

4 manawi kepareng wontena ingkang mendhetaken toya sakedhik, kagem wijik sampeyan, lajeng sami karsaa lenggah wonten ing sangandhaping wit-witan punika;

5 dene kula keparenga mendhet roti sekedhik, kangge ngiyataken sarira; sasampunipun makaten, sumangga manawi badhe nglajengaken tindak, dene rak pancen makaten punika karsa panjenengan sami tindak nglangkungi tarubipun ingkang abdi.” Pangandikane tamu: “Iya tindakna apa kang dadi karepmu!”

6 Rama Abraham tumuli enggal-enggal menyang tarube nemoni Ibu Sara, sarta ngandika: “Dienggal njupuka glepung alus telung taker, endang uleten gawenen roti bunder!”

7 Rama Abraham banjur rerikatan murugi sapine, nuli mundhut pedhet kang empuk lan becik daginge, nuli ditampakake marang abdine, sarta iku enggal-enggal tumandang ngolah.

8 Sawuse iku mundhut mertega lan susu, karo pedhet kang wus didhawuhake ngolah mau, diladosake marang tamune. Rama Abraham ngadhep tamune ana sangisore wit kono nalika tamune padha dhahar.

9 Tamune tumuli ngandika: “Sara somahira ana ing ngendi?” Unjuke Rama Abraham: “Wonten ing lebet tarub.”

10 Pangandikane Sang Yehuwah: “Satemene setaun engkas Ingsun bakal rawuh mrene maneh, lah ing kono Sara somahira bakal duwe anak lanang.” Pangandika mau kepireng dening Ibu Sara kang ana ing lawanging tarub kaprenah ing saburine para tamu.

11 Anadene Ibu Sara lan Rama Abraham wus sepuh lan akeh yuswane, Ibu Sara wus ora ngalami kaya salumrahe wong wadon.

12 Mulane Ibu Sara gumujeng sajroning galih, pangunandikane: “Aku wus tuwa mangkene apa isih duwe papenginan saresmi, mangka bendaraku iya wus sepung mangkono?”

13 Sang Yehuwah banjur ngandika marang Rama Abraham: “Yagene Sara gumuyu sarta duwe osik: Apa iya temenan aku isih bakal duwe anak, wong aku wus tuwa mangkene?

14 Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.”

15 Ibu Sara selak, unjuke: “Kawula boten gumujeng.” Enggone munjuk mangkono iku marga wedi. Ewadene pangandikane Sang Yehuwah: “Ora, sira mau pancen gumuyu!”

Rama Abraham ndongakake wong ing Sodom

18:16-33

16 Sawuse mangkono para priya mau banjur padha tedhak saka ing kono, tindake ngener tanah Sodom; Rama Abraham ndherek sumedya nguntapake.

17 Sang Yehuwah ngunandika: “Apa iya Abraham ora Sunparingi weruh apa kang bakal Suntindakake?

18 Abraham iku rak bakal dadi bangsa gedhe lan kawasa, lan sakehe para bangsa ing bumi bakal pada kaberkahan marga saka Abraham?

19 Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”

20 Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ana alok kang rame bab tanah Sodom lan Gomora, yen luwih dening gedhe durakane.

21 Ingsun bakal tumedhak lan niti-priksa, apa iya lakune iku cocog karo alok kang wus tumeka marang Ingsun apa ora?”

22 Priya-priya mau tumuli padha tindak saka ing kono murugi Sodom, nanging Rama Abraham isih tetep ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

23 Rama Abraham banjur nyelak sarta matur: “Punapa Paduka badhe numpes tiyang mursid sesarengan kaliyan tiyang duraka?

24 Bokmanawi ing salebeting nagari ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid; punapa inggih badhe Paduka tumpes?” Punapa Paduka boten ngeman dhateng panggenan punika, sabab ing ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid?

25 Mugi tebiha saking Paduka tindak ingkang kados makaten punika; mejahi tiyang mursid tunggil kaliyan tiyang duraka, temah tiyang mursid kados-kados sami kaliyan tiyang duraka! Ingkang makaten wau mugi tebiha saking Paduka! Punapa Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?”

26 Pangandikane Sang Yehuwah: “Manawa ing sajroning nagara Sodom Ingsun manggih wong seket kang mursid, mesthi sapanggonan kono kabeh Sunparingi pangapura marga saka wong seket mau.”

27 Rama Abraham mungsuli, unjuke: “Kawula kamipurun munjuk wonten ing ngarsa Paduka, sanadyan kawula punika namung lebu tuwin awu.

28 Bokmanawi tiyangipun seket ingkang mursid wau wonten kirangipun gangsal, punapa margi saking tiyang gangsal punika Paduka badhe numpes sanagari sadaya?” Pangandikane sang Yehuwah: “Mesthi ora Suntumpes, yen Ingsun manggih wong patang puluh lima kang mursid.”

29 Rama Abraham nyambeti atur maneh, unjuke: “Bokmanawi ing ngriku namung kapanggih kawandasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal Sunwurungake marga saka wong patang puluh iku.”

30 Rama Abraham munjuk maneh: “Paduka mugi sampun ngantos duka, manawi kawula munjuk sapisan malih: Bokmanawi ing ngriku namung pinanggih tiyang tigang dasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal Sunwurungake, manawa ing kono Ingsun manggih wong telung puluh.”

31 Rama Abraham isih meksa munjuk maneh: “Kawula kamipurun munjuk wonten ngarsa Paduka, bokmanawi ing ngriku namung wonten tiyang kalih dasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi ora Suntumpes marga saka wong rong puluh iku.”

32 Rama Abraham munjuk maneh: “Paduka mugi sampun ngantos duka, kawula badhe munjuk sapisan malih: Bokmanawi ing ngriku namung pinanggih sadasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal ora Suntumpes marga saka wong sepuluh iku.”

33 Bareng Sang Yehuwah wus mungkasi anggone mangandikani Rama Abraham, banjur nglajengake tindake, dene Rama Abraham tumuli wangsul menyang ing panggenane.