1 Kacarita sawuse lelakon mau, lurah pangunjukan lan lurah dhaharane Sang Raja ing Mesir padha keluputan marang gustine, yaiku raja ing Mesir mau.
2 Temah banget dukane Sang Prabu Pringon marang punggawane kadhaton mau, marang lurah pangunjukan lan lurah dhaharan iku.
3 Sakarone padha ditahan ana ing daleme panggedhe prajurit tamtama ana ing pakunjaran panggonane Yusuf katahan.
4 Panggedhe prajurit mau banjur matah Yusuf ngladeni priyayi tahanan loro mau. Kaya mangkono priyayi loro mau anggone katahan nganti sawatara suwene.
5 Ing sawijining bengi lurah sakarone padha ngimpi, impene dhewe-dhewe, iya iku lurah pangunjukan lan lurah dhaharane raja Mesir kang padha ditahan ana ing pakunjaran mau, anggone ngimpi tunggal sawengi, lan tegese impen iya beda-beda.
6 Nalika esuke Yusuf teka mrono, banjur sumurup yen sakarone lagi padha sedhih atine.
7 Yusuf banjur takon marang punggawane Sang Prabu Pringon kang padha ditahan tunggal sapakunjaran karo dheweke ana ing daleme bendarane iku, ature: “Kenging punapa dinten punika panjenengan kok sami katingal sedhih makaten?”
8 Wangsulane lurah sakarone: “Aku padha ngimpi, nanging ora ana wong kang bisa nerangake tegese.” Ature Yusuf marang wong-wong mau: “Ingkang nerangaken impen punika rak namung Gusti Allah” Sumangga, impen wau kula aturi nyariyosaken dhateng kula!”
9 Lurah pangunjukan banjur nyaritakake impene marang Yusuf, celathune: “Ing sajroning impen mau aku werung wit anggur ana ngarepku.
10 Wit anggur iku ana pange telu, lagi bae anggone semi, nuli iya metu kembange lan dhompolane padha metokake woh kang mateng-mateng.
11 Dene gelas pangunjukane Sang Prabu Pringon ana ing tanganku, woh anggur mau banjur dakjupuk dakperes ana ing gelas pangunjukane Sang Prabu Pringon lan gelase nuli dakaturake ing astane Sang Prabu Pringon.”
12 Ature Yusuf: “Tegesipun impen wau makaten: Pang tiga punika tigang dinten,
13 salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhe nginggahaken panjenengan, saha mangsulaken panjenengan dhateng kalenggahan panjenengan ingkang lami, temah panjenengan badhe nyaosaken gelas pangunjukan dhateng Sang Pringon kados kala rumiyin nalika panjenengan ngasta lurah pangunjukan.
14 Nanging, kula aturi enget dhateng kula samangsa panjenengan sampun manggih sakeca, mugi karsaa nandukaken kasaenan dhateng kula, nglantaraken prakawis kula punika dhateng Sang Prabu Pringon, saha nyuwun tulung supados kawedalna saking griya punika.
15 Awitdene kula punika dipun colong dipun culik makaten kemawon saking tanahipun tiyang Ibrani, saha wonten ing ngriki kula inggih boten nate nglampahi punapa-punapa, ingkang njalari kula pantes dipun lebetaken ing luweng tutupan punika.”
16 Lurah juru among dhaharan bareng krungu yen anggone negesi becik, banjur celathu marang Yusuf: “Aku iya uga ngimpi, lah katone aku nyunggi tenong sungsun telu isi dhaharan.
17 Dene tenong kang dhuwur isi dhaharan warna-warna kagem Sang Prabu Pringon, olah-olahane juru masak; nanging tenong kang daksunggi mau isine banjur dipangani manuk.”
18 Yusuf banjut mangsuli: “Makaten tegesipun impen wau! Tenong sungsun tiga inggih tigang dinten.
19 Salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhe nginggahaken panjenengan dhateng papan ingkang inggil, panjenengan badhe dipun gantung ing cagak, saha peksi-peksi badhe nedha daginging salira panjenengan.”
20 Kacarita bareng telung dinane, mbeneri dina wiyosane Sang Prabu Pringon, panjenengane nganakake pista kanggo para punggawane, kabeh lurah pangunjukan lan lurah dahaharan padha disengkake sirahe ana ing satengahe para abdi.
21 Lurah pangunjukan dibalekake pangkate lawas, dadi kelakon nyaosake gelas pangunjukan marang astane Sang Prabu Pringon maneh.
22 Nanging lurah dhaharan digantung, cocog kaya anggone negesake Yusuf marang para lurah mau.
23 Ewadene lurah pangunjukan iku ora kelingan marang Yusuf, nanging lali.