1 Yakub krungu tembunge anak-anake Pak Laban kang lanang, rasanane: “Yakub iku wus njupuki darbeke bapakku lan marga saka barang darbeke mau kasugihane saya mundhak-mundhak.”
2 Kajaba saka iku Yakub iya niteni polatane Pak Laban, saiki tangkepe wis beda karo sing uwis-uwis.
3 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Yakub: “Sira muliha menyang tanahe leluhurira lan kulawangsanira, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira.”
4 Yakub banjur kongkonan ngundang Rakhel lan Lea menyang ara-ara, pasabane wedhus-wedhuse.
5 Tumuli padha dituturi mangkene: “Aku niteni yen ulate bapakmu marang aku wis ora kaya kang uwis-uwis, nanging Allahe bapakku tansah nunggil karo aku.
6 Kowe padha weruh dhewe, yen anggonku ngenger bapakmu kanthi temen-temen.
7 Nanging bapakmu wus nyidrani aku lan ngowah-owahi buruhanku nganti kaping sepuluh, nanging Gusti Allah ora marengake bapakmu gawe pitunaku.
8 Manawa kandha: Kang tutul dadia buruhanmu, sapantha kabeh banjur padha manak tutul; lan manawa kandha: kang lorek dadi buruhanmu, sapantha kabeh banjur padha manak lorek.
9 Mangkono anggone Gusti Allah mundhut raja-kayane bapakmu lan diparingake marang aku.
10 Ing mangsane wedhus padha jejodhoan, aku mulat ndeleng sajroning pangimpen, lah wedhus lanang kang padha dadi lelananging pepanthan iku padha lorek, tutul apadene belang.
11 Sarta Sang Malaekate Gusti Allah ngandika marang aku sajroning pangimpen mau: Yakub! Unjukku: Kawula nuwun, kula.
12 Dhawuhe: Sira mulata lan mawasa, yen sakehe wedhus lanang kang dadi lelananging pepanthan iku padha lorek, tutul apadene belang, kang mangkono iku marga Ingsun mirsa apa sapanggawene Laban marang sira.
13 Ingsun iki Allah kang ana ing Betel kae; ing panggonan nalika sira njebadi tugu sarta punagi marang Ingsun; saiki sira tata-tataa! Mangkata saka tanah iki lan muliha menyang nagarane sanak sadulurira!
14 Lea lan Rakhel banjur padha mangsuli, ature: “Kula punapa taksih sami gadhah panduman utawi warisan wonten ing griyanipun bapak kula?
15 Kula rak sampun sami dipun anggep tiyang sanes, margi sampun sami kasade, saha arta pepajenganipun inggih dipun telasaken piyambak.
16 Nanging sadaya kasugihan ingkang dipun pundhut dening Gusti Allah saking bapa kula, punika rak gadhahan kula lan gadhahanipun anak-anak kula. Mila sumangga sampeyan lampahi punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng sampeyan!”
17 Yakub banjur tata-tata, anak-anake lan somahe padha ditunggangake unta.
18 Karodene sakehing raja-kayane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing Padan-Aram kono digawa kabeh, sedyane menyang daleme Iskak kang rama ing tanah Kanaan.
19 Nalika samana Pak Laban lagi lunga mbathili wedhuse, Rakhel banjur nyolong terafim duweke bapakne.
20 Yakub ngakali Laban wong Aram, anggone lunga tanpa pamit.
21 Mangkono anggone lunga angles karo nggawani sabarang darbeke kabeh, nyabrang bengawan Efrat lakune ngener pagunungan Gilead.
22 Bareng telung dinane Pak Laban lagi dikabari, yen Yakub wus lunga angles.
23 Tumuli ngajak sanak kadange padha nututi Yakub. Sawuse oleh lakon pitung dina, ketututan ana ing pagunungan Gilead.
24 Nanging Gusti Allah ngrawuhi Pak Laban wong Aram sajroning pangimpen, dhawuhe: “Poma sira aja nguneni apa-apa marang Yakub sanadyan mung satembung bae!”
25 Nalika Pak Laban wus bisa nututi Yakub, Yakub bus nancebake tarube ana ing pagunungan; dene Pak Laban karo sanak kadange iya banjur padha nancebake tarube ana ing pagunungan Gilead.
26 Pak Laban tumuli ngucap marang Yakub: “Pratingkah apa kang koklakoni iki, dene kowe kok nglimpekake aku lan mboyongi anak-anakku kaya bandhangan perang?
27 Yagene kowe lunga ngglenes lan nglimpekake aku, yagene ora aweh weruh marang aku, supaya aku bisa nguntapake kowe kanthi suka-suka nganggo sesindhenan kalawan terbang lan clempung?
28 Apamaneh aku ora nganti bisa ngambungi putu-putuku lanang lan anak-anakku wadon. Pratingkahmu mangkono iku ora patut.
29 Aku iki bisa gawe cilakamu, nanging Gusti Allahe bapakmu dhek bengi wus ndhawuhi aku: Poma, sira aja nguneni Yakub sanadyan mung sakecap bae.
30 Lah saikine, manawa kowe pancen kudu lunga, awit saka kangenmu marang omahe bapakmu, geneya kowe nyolong dewa-dewaku?”
31 Wangsulane Yakub marang Pak Laban: “Mila makaten, awit kula kuwatos, margi osiking manah kula: gek-gek panjenengan badhe ngrebat ingkang putra saking tangan kula?
32 Nanging soksintena ingkang kanggenan dewa panjenengan, punika sampun ngantos dipun gesangi. Sumangga panjenengan titi-priksa sadaya barang kula, dipun seksenana sanak kadang kita punika, kagungan panjenengan ingkang wonten kula, kula aturi mundhut!” Amarga Yakub ora weruh yen kang nyolong terafim iku Rakhel.
33 Pak Laban banjur lumebu ing tarube Yakub, tarube Lea lan tarube abdine wadon sakarone, nanging terafime ora ana. Sawetune saka tarube Lea, banjur lumebu ing tarube Rakhel.
34 Anadene Rakhel kang njupuk terafim mau lan dilebokake ing lapake unta, banjur dilinggihi. Pak Laban tumuli nggledhahi sawratane tarube, nanging ora nemu terafime.
35 Rakhel banjur matur marang bapakne: “Bapak mugi sampun ngantos duka, dene kula boten saged ngadeg wonten ngarsa panjenengan, margi kula saweg ewed kados salimrahipun tiyang estri.” Sanadyan Pak Laban anggone nggledhahi kalawan njlimet, ewasamono terafime meksa ora ketemu.
36 Ing kono Yakub banjur nepsu sarta meleh-melehake marang Pak Laban: “Kalepatan kula punapa? Saha dosa kula punapa, dene panjenengan mbujeng kula klayan semu duka makaten?
37 Anggen panjenengan nggledhahi barang kula sadaya, punapa panjenengan manggih barang saking dalem panjenengan? Sumangga panjenengan paringaken wonten ing ngajengipun sanak kadang kula lan sanak kadang panjenengan, supados punika sami ngadilana ing antawis kula kaliyan panjenengan.
38 Kalih dasa taun anggen kula ndherek panjenengan, menda gembel lan menda panjenengan estri boten wonten ingkang ngantos keluron, sarta menda gembel panjenengan ingkang jaler boten nate kula tedha.
39 Ingkang kamangsa ing sato galak, boten kula aturaken panjenengan, kula lintoni piyambak; ingkang dipun pendhet tiyang, dadosa ing wanci siyang dadosa ing wanci dalu, panjenengan tempahaken dhateng kula sadaya.
40 Ing wanci siyang kula kabenteran lan ing wanci dalu kasrepen, sarta kula kirang tilem.
41 Ngantos kalih dasa taun anggen kula ngenger, ingkang sekawan welas taun anggen kula ngengeri putra panjenengan estri kekalih, ingkang nem taun supados angsal berahan raja-kaya, mangka berahan kula tansah panjenengan ewah-ewahi ngantos rambah kaping sadasa.
42 Saupami Allahipun bapa kula, Allahipun Eyang Abraham, sarta ingkang dipun eringi bapa kula Iskak boten nunggil kula, sapunika panjenengan tamtu ngesahaken kula kanthi legeh; nanging Gusti Allah sampun nguningani kasangsaran saha ngrekaos kula, saha sampun ndhawahaken karampungan kala wau dalu.”
43 Pak laban banjur mangsuli marang Yakub: “Wong wadon-wadon iku anakku lan bocah lanang-lanang kuwi putuku, apadene panthan wedhus iku iya panthanku, malah sabarang kang kokdeleng iki kabeh iya duwekku; saiki aku bisa nindakake apa marang anak-anakku lan bocah-bocah kang dilairake iku?
44 Mulane saiki ayo padha gawe prajanjian, aku lan kowe, supaya iku dadia waton ing antarane aku lan kowe.”
45 Yakub tumuli njupuk watu diadegake dadi tugu.
46 Sawuse mangkono Yakub banjur matur marang para kadang: “Sumangga sami nglempakaken sela!” Tumuli padha njupuki watu digawe tumpukan, banjur padha mangan ana ing sacedhake tumpukan mau.
47 Pak Laban anggone ngarani tumpukan watu mau: Yegar-Sahaduta nanging Yakub ngarani: Galed.
48 Pangucape Pak Laban: “Tumpukan watu iku dadia seksi ana ing antarane aku lan kowe ing dina iki.” Mulane tumpukan iku diarani Galed.
49 Lan uga kasebut: Mispah, marga pangucape: “Sang Yehuwah muga nguningani aku lan kowe, samangsa kita wus padha pepisahan.
50 Saupama kowe nganti nyikara anak-anakku padha kokwayuh, diawas, sanadyan ora ana wong kang cedhak karo kita, Gusti Allah kang dadi seksi ana ing antarane aku lan kowe.”
51 Sabanjure pangucape Pak Laban marang Yakub mangkene: “Lah iki tumpukan watu sarta tugu kang kita adegake ana ing antarane aku lan kowe --
52 tumpukan watu lan tugu iki dadia seksi, yen aku ora bakal ngliwati tumpukan iki nemoni kowe, lan kowe iya ora bakal ngliwati tumpukan watu lan tugu iki marani aku, kanthi sedya ala.
53 Allahe Rama Abraham lan Allahe Rama Nahor lan Allahe kang rama, muga karsaa jumeneng dadi hakim ana ing antara kita.” Yakub banjur sumpah demi Kang Dieringi kang rama Iskak.
54 Karodene Yakub nyaosake kurban sembelehan ana ing pagunungan kono, sarta ngundangi para sanak kadange kembul mangan. Dene sawuse padha mangan banjur padha nginep ana ing pagunungan kono.
55 Esuke isih umun-umun Pak Laban ngambungi anak-putune lanang wadon sarta padha diberkahi; sawuse mangkono banjur budhal mulih menyang panggonane dhewe-dhewe.