1 Anadene Rama Abraham iku wus sepuh lan akeh yuswane, sarta tansah diberkahi dening Sang Yehuwah tumrap sakabeh-kabehe.
2 Rama Abraham mau dhawuh marang tuwa-tuwane abdine, kang dipracaya nguwasani kabeh kang ana ing daleme, pangandikane: “Tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku,
3 supaya kowe sumpah demi Sang Yehuwah Allahe swarga lan bumi ana ngarepku kene, yen anakku ora bakal kokgolekake sisihan saka panunggalane bocah wadon anake wong Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,
4 nanging kowe menyanga tanah asalku lan ing panggonane kulawargaku, nggolekna jodho anakku Iskak.”
5 Abdi mau banjur matur: “Bokmanawi tiyang estri wau boten purun kula bekta dhateng tanah ngriki, punapa ingkang putra Iskak kula bekta wangsul dhateng tanahing leluhur panjenengan?”
6 Nanging Rama Abraham dhawuh marang kang abdi: “Poma aja pisan-pisan anakku kokbalekake mrana!
7 Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,
8 ewadene saupama wong wadon mau ora gelem kokajak mrene, kowe luwar saka sumpahmu marang aku, mung poma anakku aja kokbalekake mrana!”
9 Abdi mau banjur numpangake tangane ana sangisore cethike Rama Abraham bendarane, banjur sumpah ing bab prakara iku.
10 Abdi mau tumuli nyawisake untane bendarane sepuluh, banjur budhal nggawa peni-peni rajapeni kagungane bendarane, parane njujug menyang Aram-Mesopotami ing kuthane Nahor.
11 Ing kono unta-untane dijerumake cedhak belik sajabane nagara; ing wayah sore wancine wong wadon padha metu ngangsu.
12 Abdi mau tumuli matur: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, ing dinten punika kawula mugi Paduka parengaken saged ngrampungi damel, sarta mugi karsaa paring sih kamirahan dhateng bendara kawula Abraham.
13 Lah kawula mapan wonten ing sacelaking belik punika, para anakipun estri tiyang ing kitha ngriki sampun wancinipun medal badhe ngangsu;
14 mugi keparenga kalampahan kados makaten: pundi lare estri ingkang kawula tembungi: Bok junmu kokdhingklukake, aku dakngombe, mangka lajeng mangsuli: Sumangga kula aturi ngunjuk, malah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan; supados inggih punika ingkang Paduka calonaken kangge abdi Paduka Iskak. Makaten anggen kawula badhe sumerep bilih Paduka sampun paring sih dhateng bendara kawula.”
15 Kacarita abdi mau durung nganti rampung anggone munjuk, lah tumuli Ribkah metu -- Ribkah iku putrane Rama Betuel, putrane kakung Ibu Milka garwane Rama Nahor sadhereke Rama Abraham; -- kalawan manggul june.
16 Bocah wadon mau ayu banget rupane, isih prawan durung tau diwori turu wong lanang. Banjur mudhun menyang ing belik sarta ngiseni june, nuli bali munggah.
17 Abdi mau banjur methukake sarta ngucap: “Engger, aku wenehana ngombe banyu ing junmu iku sathithik bae!”
18 Wangsulane bocah wadon mau: “Sumangga panjenengan ngunjuk.” June enggal diudhunake kasangga ing tangane, sarta abdi mau ditulungi anggone ngombe.
19 Sawuse tutug enggone menehi ngombe, banjur ngucap: “Unta panjenengan inggih badhe kula padosaken toya pisan, supados sami saged ngombe ngantos tuwuk.”
20 June enggal disuntak ing kolahan, tumuli bali lumayu menyang belik golek banyu maneh, mangkono anggone nggolekake banyu untane kabeh.
21 Anadene wong mau tansah nyawang marang bocahe wadon kalawan meneng, arep nyumurupi apa Sang Yehuwah wus ngolehake gawe anggone lelungan iku apa durung.
22 Kacarita bareng untane wus padha wareg anggone ngombe, abdi mau tumuli njupuk ali-ali mas bobot satengah sekel lan gelang sapasang bobot sepuluh sekel emas kanggo tangane bocah wadon mau,
23 kalawan ngucap: “Kowe iku anake sapa, engger? Aku bok kokkandhani! Apa ing omahe bapakmu ana panginepane kanggo aku sakanca?”
24 Wangsulane bocah wadon marang wong mau: “Kula punika anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Milka patutan kaliyan Embah Nahor.”
25 Sarta calathune maneh: “Ing griya kula kathah dami saha tetedhan kewan lan ugi wonten papan pasipengan.”
26 Ing kono abdi mau tumuli jengkeng lan tumungkul ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta nyebut:
27 “Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe bendaraku Abraham kang ora ngingkedi sihe kasetyane marang bendaraku, sarta Sang Yehuwah wus nuntun lakuku ana ing dalan kang anjog ing daleme para sadhereke!”
28 Sawuse iku bocahe wadon banjur lumayu aweh weruh marang ibune bab kang mentas kelakon mau.
29 Anadene Ribkah mau duwe sadulur lanang jenenge Laban. Laban mau banjur lumayu metu methukake wong mau menyang ing belik.
30 Awit bareng weruh ali-ali lan gelang kang ana ing tangane sadulure, lan sawuse krungu kandhane Ribkah sadulure mangkene: “Warna-warna kandhane wong iku marang aku,” Laban tumuli methukake wong mau, ketemu isih ngadeg sandhing untane ana ing sacedhake belik,
31 banjur calathu: “Sumangga sadherek ingkang binerkahan dening Sang Yehuwah, kenging punapa panjenengan wonten ing jawi kemawon? Panjenengan sampun kula tatakaken panggenan lan kula sampun cecawis papan kangge unta panjenengan.”
32 Wonge banjur lumebu ing omah, untane padha diuculi lapake lan diwenehi dami sarta dipakani, wonge lan kabeh wong kang melu padha dijupukake banyu kanggo wisuh sikil.
33 Nanging bareng disuguh mangan, wong mau banjur matur: “Kula boten badhe nedha, manawi dereng ngaturaken kaperluan kula.” Pangucape Laban: “Sumangga panjenengan lairaken!”
34 Wong mau banjur pratela: “Kula punika abdinipun Bendara Abraham.
35 Wondene Sang Yehuwah sampun mberkahi bendara kula ngantos kelangkung-langkung, ngantos dados tiyang sugih. Dene dipun paringi Sang Yehuwah menda saha lembu, salaka tuwin mas, abdi jaler lan estri punapa malih unta saha kuldi.
36 Sarta bendara kula putri Sara garwanipun bendara kula, nalika sampun sepuh mbabar putra kakung patutan saking bendara kula, punika sampun dipun paringi samukawis kagunganipun sadaya.
37 Wondene bendara kula sampun mundhut supaos kula: Anakku poma aja kokgolekake jodho wong wadon panunggalane anake bangsa Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,
38 nanging kowe menyanga ing omahe bapakku lan ing panggonane sanak kadangku, nggolekna jodho anakku.
39 Kula lajeng matur dhateng bendara kula: Bokmanawi larenipun estri boten purun kula bekta.
40 Pangandikanipun dhateng kula malih: Sang Yehuwah kang tansah dakbekteni iku bakal ngutus malaekate nyarengi lakumu, temah kelakon anakku kokgolekake jodho saka kula-wargaku lan saka omahe bapakku.
41 Bisamu luwar saka sumpahmu marang aku, iya iku samangsa kowe wus kelakon tekan ing tanahe kula-wargaku, mangka kowe ora oleh nggawa bocahe wadon, kowe wus luwar saka sumpahmu marang aku.
42 Wondene sareng lampah kula ing dinten punika dumugi sacelaking belik, kula lajeng munjuk: Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, Paduka mugi karsaa damel supados anggen kawula kekesahan punika angsal damel.
43 Kawula wonten ing ngriki mapan wonten ing sacelaking belik punika, mugi keparenga kalampahan makaten: Pundi prawan ingkang medal badhe ngangsu, samangsa kula tembungi: Aku wenehana banyu sathithik saka ing junmu,
44 mangka wangsulanipun dhateng kula: Sumangga, panjenengan ngunjuk dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni: inggih lare punika wau ingkang badhe dados jodhoning putranipun bendara kawula miturut pitedah Paduka.
45 Mangka saderengipun rampung anggen kula munjuk ing salebeting batos, lah Ribkah kledhang-kledhang dhateng sarta manggul junipun, mandhap dhateng belik pados toya. Lajeng kula tembungi: Engger, bok aku kokwenehi ngombe!
46 Sanalika lajeng ngandhapaken junipun kaliyan wicanten: Sumangga panjenengan ngunjuk, dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan. Kula lajeng ngombe, unta kula inggih dipun ombeni pisan.
47 Kula tumunten pitaken: Kowe iku anake sapa? Wangsulanipun: Anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Nahor patutan saking Embah Milka. Lajeng kula enggeni sesupe ing irungipun saha gelang ing tanganipun.
48 Kula lajeng jengkeng saha tumungkul sujud wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah saha ngluhuraken Sang Yehuwah Gusti Allahipun bendara kula Abraham, ingkang sampun ngirid lampah kula wonten ing margi ingkang leres, supados kula saged mendhet anakipun estri sadherekipun bendara kula punika kangge putranipun.
49 Dados samangke, manawi panjenengan sami karsa nandukaken katresnan saha kasetyan dhateng bendara kula, mugi karsaa paring katrangan dhateng kula. Dene saupami boten, kula inggih kaparingana katrangan, supados kula saged tumoleh mangiwa utawi manengen.”
50 Ing kono Laban karo Betuel padha mangsuli: “Prakawis punika pinangkanipun saking Sang Yehuwah, pramila kula sami boten saged matur punapa-punapa dhateng panjenengan, ingkang awon punapa ingkang sae.
51 Lah punika Ribkah wonten ngajeng panjenengan, panjenengan bekta lajeng panjenengan bidhal, dadosa garwaning putranipun bendara panjenengan, nyondhongi dhawuhipun Sang Yehuwah.”
52 Kacarita bareng abdine Rama Abraham krungu tembung mangkono mau, tumuli sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarsane Sang Yehuwah;
53 abdi mau banjur ngetokake barang peni-peni salaka lan mas, apadene sandhangan endah, kabeh diwenehake marang Ribkah; karodene sadhereke lan ibune iya padha diaturi barang kang adi-adi.
54 Sawuse mangkono banjur pada mangan lan ngombe, si abdi dalah para kanthine, sarta padha nginep ing kono.Esuke bareng wus padha tangi, si abdi tumuli celathu: “Kula mugi kalilanana mantuk dhateng dalemipun bendara kula.”
55 Nanging sadulure Ribkah lan abdine padha mangsuli: “Bok inggih larenipun kajengipun taksih wonten ngriki rumiyin antawis sadasa dinten, sasampunipun sumangga karsa manawi badhe bidhal.”
56 Nanging wangsulane: “Kula sampun panjenengan penggak! Amargi Sang Yehuwah sampun damel kasiling lampah kula, kula panjenengan lilani wangsul dhateng bendara kula.”
57 Wangsulane: “Saenipun gendhuk dipun undang saha dipun takeni piyambak.”
58 Ribkah tumuli diundang sarta ditari: “Kowe apa gelem melu tamu iki?” Wangsulane: “Inggih, kula purun.”
59 Ing kono Ribkah sadulure banjur dililani budhal karo inyane bareng karo abdine Rama Abraham dalah kanthine.
60 Ribkah disangoni berkah, tembunge: “Dhuh sadulurku, kowe muga tangkar-tumangkara dadi ewon leksan, sarta turunmu bisaa ngrebut gapuraning mungsuhe dadi darbeke.”
61 Ribkah karo para bature wadon banjur tata-tata tumuli padha budhalan, padha nunggang unta, ngetutake si abdi. Mangkono si abdi anggone nggawa Ribkah lan banjur mangkat.
62 Anadene Rama Iskak mentas rawuh saka ing belik Lakhai-Roi, amarga dedalem ana ing Tanah Negeb.
63 Nalika Rama Iskak panuju ameng-ameng ana ing ara-ara mbeneri ing wayah lingsir kulon, bareng mulat, ningali ana unta-unta teka.
64 Ribkah iya mulat weruh Rama Iskak, banjur mudhun saka ing untane,
65 sarta celathu marang si abdi: “Sinten ingkang lumampah ing ara-ara mapag dhateng kula lan panjenengan punika?” Ature si abdi: “Punika bendara kula.” Ribkah banjur nyandhak kudhunge sarta dianggo.
66 Si abdi tumuli nyaritakake marang Rama Iskak sabarang kang wus dilakoni.
67 Rama Iskak banjur nganthi Ribkah menyang ing tarube Sara kang Ibu, dipundhut garwa lan banget ditresnani. Mangkono Rama Iskak anggone kalipur sasedane kang ibu.