Purwaning Dumadi 45 JAV

Sang Yusuf mblakakake sarirane marang para sadhereke

45:1-28

1 Ing kono sang Yusuf wus ora kuwat nahan panggalihe maneh ana ing ngarepe kang padha sowan, banjur ngandika seru: “Wong kabeh padha konen metu saka ing kene!” Dadi ing ngarsane Sang Yusuf wus ora ana wong siji-sijia, nalika panjenengane mblakakake sarira marang para sadhereke.

2 Sawuse mangkono Sang Yusuf banjur muwun seru banget, nganti keprungu wong Mesir, malah iya nganti keprungu para santanane Sang Prabu Pringon.

3 Pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Aku iki Yusuf, bapak apa isih sugeng?” Nanging para sadhereke padha ora bisa ngaturake wangsulan, marga saka wedi lan geter ana ing ngarsane.

4 Sang Yusuf tumuli ngandika maneh marang para sadhereke: “Padha majua ta, nyedhaka mrene!” Tumuli padha maju. Sarta dipangandikani maneh: “Aku iki Yusuf adhimu, kang padha kok edol menyang tanah Mesir.

5 Nanging saiki aja padha susah lan aja nggrantes, awit saka anggonmu wus ngedol aku mrene, awit Gusti Allah kang ngutus aku ndhisiki kowe supaya mitulungi urip.

6 Sabab nagara kene iki anggone katempuh ing pailan wus rong taun, mangka bakale isih limang taun engkas ora naa wong mluku utawa panen.

7 Mulane Gusti Allah ngutus aku ndhisiki kowe, supaya turunmu bisa lestari ana ing bumi iki lan supaya kowe kapitulungana urip, satemah panunggalanmu sabagean gedhe bisa kapitulungan.

8 Dadine dudu kowe kang akon aku mrene, nanging Gusti Allah, Iya Panjenengane kang mrenahake aku dadi ramane Sang Prabu Pringon, lan mengku sakedhaton kabeh apadene nguwasani tanah Mesir kabeh.

9 Dienggal padha balia menyang ngarsane rama, lan matura mangkene: “Piwelingipun ingkang putra Yusuf makaten: Gusti Allah sampun ngangkat kula dados ingkang nguwaosi satanah Mesir sadaya, sumangga kula aturi rawuh dhateng panggenan kula, sampun ngentosi punapa-punapa.

10 Rama kula aturi dedalem wonten ing tanah Gosyen celak kaliyan kula, inggih rama dalah putra wayah, menda-menda lan lembu tuwin sadaya kagunganipun rama.

11 Dene kula ingkang badhe nyekapi sadaya kabetahanipun rama, awit pailan punika taksih gangsal taun malih dangunipun, supados rama sakulawarga sampun ngantos dhumawah ing kamlaratan, punapa dene sadaya tiyang ingkang ndherek rama.

12 Lah kowe lan adhiku Benyamin wus padha ndeleng dhewe, yen kang ngandhani kowe kabeh iki aku dhewe.

13 Marga saka iku ramaku critanana bab kaluhuranku ana ing tanah Mesir kene, lan sabarang kang wus padha kokdeleng nuli dienggal ramaku dherekna mrene!”

14 Kang rayi Benyamin banjur dirangkul gulune kanthi muwun, sarta Benyamin iya nangis ana ing astane Sang Yusuf.

15 Sang Yusuf banjur ngarasi lan ngrangkuli para sadhereke klawan muwun. Sawuse mangkono para sadhereke lagi padha guneman karo Sang Yusuf.

16 Nalika ana ing kedhatone Sang Prabu Pringon keprungu pawarta, yen sadherek-sadhereke Sang Yusuf padha teka, ndadekake keparenge Sang Prabu Pringon dalah para punggawane.

17 Sang Pringon banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Tutura marang para sadulurira, padha nglakonana mangkene: Kewanmu padha momotana lan endang muliha menyang ing tanah Kanaan,

18 bapakira lan brayatira padha boyongana lan sowana mrene,ingsun bakal maringake apa kang becik dhewe ing tanah Mesir, sira bakal padha ngrasakake kemakmurane tanah kene.

19 Sabanjure sira tampa dhawuh supaya akona mangkene marang wong-wong mau: Padha nglakonana mangkene: Anggawaa kreta saka tanah Mesir kanggo anak-anakira lan somahira, bapakira sira papaga mrana, sarta endang sowana mrene!

20 Karomaneh sira aja padha rumangsa owel ninggal barang-barangira, awit apa kang becik dhewe ing tanah Mesir iki bakal dadi darbekira.”

21 Para putrane Rama Israel tumuli padha nglakoni mangkono, sarta padha diparingi kreta dening Sang Yusuf miturut dhawuhe Sang Prabu Pringon, uga padha diparingi sangu kanggo ana ing dalan.

22 Karomaneh siji-sijine diparingi panganggo sapangadeg lan Benyamin diparingi telung atus dhuwit salaka lan sandhangan limang pangadeg.

23 Kajaba iku kang rama iya dikirimi kuldi lanang sepuluh, dimomoti barang-barang kang becik dhewe ana ing Mesir, apamaneh kuldi wadon sepuluh, dimomoti gandum, roti lan sangu liyane kagem ramane ana ing dalan.

24 Sadhereke banjur padha dililani budhal, sarta diweling mangkene: “Ana ing dalan aja padha tutuh-tinutuh!”

25 Kaya mangkono anggone padha budhal saka ing tanah Mesir lan banjur tekan ing tanahh Kanaan, ing ngarsana Rama Yakub kang rama.

26 Tumuli padha carita, ature: “Yusuf taksih gesang, malah jumeneng pangageng nguwaosi satanah Mesir sadaya!” Nanging Rama Yakub ora maelu, marga ora ngandel marang ature para putrane.

27 Nanging bareng wus diaturi sakehe piwelinge Sang Yusuf, sarta bareng mirsani kreta kintunane Sang Yusuf kanggo methuk, semangate Rama Yakub, ramane dadi pulih maneh.

28 Rama Israel ngandika: “Wus cukup, anakku Yusuf isih urip! Aku arep mangkat lan kepengin ketemu sadurunge aku mati.”