Purwaning Dumadi 27 JAV

Yakub kaberkahan dening Rama Iskak minangka putra pambayun

27:1-40

1 Kacarita bareng Rama Iskak wus sepuh sarta tingale wus blawur banget nganti ora bisa mirsani, tumuli nimbali Esap putrane pambajeng sarta dipangandikani: “Anakku engger.” Ature Esap: “Kula rama.”

2 Dhawuhe kang rama: “Lah ta aku wus tuwa lan ora sumurup besuk apa bakal ajalku.

3 Bok kowe njupuk gegamanmu, endhong lan gendhewamu, banjur mangkata menyang ing ara-ara, aku golekna buron,

4 nuli aku olahna pangan kang enak, kaya kang dadi kasenenganku, yen wus rampung ladekna mrene, dakpangane, sawise iku kowe bakal dakberkahi sadurunge aku tinggal donya.”

5 Anadene Ibu Ribkah ngrungokake anggone Rama Iskak mangandikani marang kang putra Esap mau. Bareng Esap wus mangkat menyang ara-ara mbebedhag kewan kang kena diladekake marang kang rama,

6 Ibu Ribkah ngandika marang Yakub kang putra: “Aku mau ngrungokake bapakmu anggone ndhawuhi Esap kamasmu:

7 Aku golekna kewan bebedhagan, banjur olahen kang enak, dakpangane lan sawuse iku kowe dakberkahi ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sadurunge aku mati.

8 Mulane saiki, engger, anakku! Rungokna kandhaku kaya kang dakprentahake marang kowe iki mangkene:

9 Kowe menyanga ing panggonane wedhus kita, aku jupukna cempe loro kang becik, iku dakolahe kang enak kagem bapakmu, kaya kang dadi kersane.

10 Nuli ladekna menyang ing ngarsane bapakmu, supaya didhahar lan kowe diberkahana sadurunge seda.”

11 Yakub tumuli matur marang Ribkah ibune: “Lah kamas kula Esap punika badanipun dhiwut-dhiwut, mangka kula punika klimis.

12 Bokmanawi bapak nggrayangi kula, temtu lajeng mastani, kula damel gegujengan, margi saking makaten kula malah kenging ipat-ipat sanes berkah.”

13 Nanging kang ibu ngandika maneh: “Ipat-ipat iku daksanggane, engger, anakku, nuruta pituturku bae, gek endang mangkata! Aku jupukna wedhuse!”

14 Yakub tumuli njupuk cempe lan diaturake marang kang ibu; sarta kang ibu banjur olah dhaharan kang enak, kaya kang dadi kersane ramane.

15 Ibu Ribkah banjur mundhut sandhangan kang adi duwekke Esap, putrane pambajeng, sandhangan kang disimpen ing omah, banjur dianggokake marang Yakub putrane kang wuragil.

16 Sarta lulange cempe mau diblebedake ing tangane Yakub loro pisan lan ing gulune kang klimis.

17 Dhaharan kang enak lan roti kang mentas diolah mau banjur ditampakake marang kang putra Yakub.

18 Kaya mangkono Yakub banjur lumebu ing panggonane kang rama tumuli matur: “Rama!” Pangandikane kang rama: “Apa, ngger, kowe iku sapa?”

19 Ature Yakub marang kang rama: “Kula Esap, ingkang putra pembajeng. Kula sampun nglampahi kados dhawuhipun rama dhateng kula. Kula aturi wungu lan lenggah, lajeng dhahar daging bebujengan ingkang sampun kula olah, supados rama lajeng maringi berkah dhateng kula.”

20 Rama Iskak banjur ngandika marang kang putra: “Kok enggal temen anggonmu oleh, anakku engger!” Ature Yakub: “Margi Sang Yehuwah, Gusti Allahipun rama, ingkang murugaken kula angsal damel.”

21 Pangandikane Rama Iskak marang kang putra: “Nyedhaka mrene, engger, awakmu dakgrayangane, apa kowe iku anakku Esap apa dudu.”

22 Yakub banjur nyedhaki Iskak kang rama, kang banjur nggrayangi sarta ngandika: “Yen swarane, swarane Yakub, nanging yen tangane, tangane Esap.”

23 Dadine Rama Iskak pangling marang Yakub, marga tangane dhiwut-dhiwut kaya tangane Esap, mulane Rama Iskak arep mberkahi.

24 Nanging Rama Iskak meksa ndangu maneh: “Apa temenan kowe iku anakku Esap?” Ature Yakub: “Inggih!”

25 Rama Iskak tumuli ngandika: “Mara cedhakna mrene leladenanmu iku, olah-olahan bedhagane anakku dakpangane, supaya kowe banjur dakberkahi.” Sawuse diladekake, Rama Iskak banjur dhahar, sarta uga diaturi anggur, tumuli ngunjuk.

26 Kang rama Iskak banjur ngandika: “Nyedhaka mrene ta engger, aku ambungen!”

27 Yakub banjur nyedhak, kang rama diaras. Nalika Rama Iskak mambet gandane sandhangane Yakub, banjur maringi berkah, pangandikane: “Lah gandane anakku iku kaya gandane bumi kang diberkahi dening Sang Yehuwah.

28 Gusti Allah bakal maringi kowe ebuning langit lan lemah eloh ing bumi apadene gandum lan anggur kongsi luber-luber.

29 Bangsa-bangsa bakal padha nungkul ana ing ngarepmu; kowe mengkua para kadang-kadangmu, lan anake biyungmu bakal padha nungkul marang kowe. Sapa kang ngipat-ipati kowe, bakal kena ipat-ipat, lan sapa kang mberkahi kowe, iku ginanjara berkah.”

30 Kacarita sarampunge Rama Iskak anggone mberkahi Yakub, lan Yakub lagi bae mundur saka ing ngarsane kang Rama Iskak, Esap kamase teka saka anggone mbebedhag.

31 Tumuli iya olah dhaharan kang enak, banjur diladekake marang kang rama. Ature marang kang rama: “Rama, kula aturi wungu sarta dhahar daging buronan olah-olahanipun kang putra, supados lajeng maringi berkah dhateng kang putra!”

32 Nanging pangandikane kang Rama Iskak: “Kowe iku sapa?” Ature: “Kula punika ingkang putra pambajeng pun Esap.”

33 Ing kono Rama Iskak gumeter lan kaget banget sarta ngandika: “Yen mangkono sapa ta kang wus mbebedhag kewan sarta wus diladekake marang aku? Mangka iya wus dakpangan kabeh, sadurunge kowe teka, nuli iya wus kelakon dakberkahi, mangka anggone kaberkahan iku mesthi tetep.”

34 Esap bareng krungu pangandikane kang rama mau, banjur njerit seru banget, banget lara atine, sarta matur marang kang rama: “Dhuh rama, mugi maringi berkah dhateng kula ugi!”

35 Dhawuhe kang rama: “Adhimu kang wus sowan kanti apus-apus lan ngrebut berkah kang benere dadi wewenangmu.”

36 Pangucape Esap: “Rak wus pantes jenenge Yakub, dene wus ping pindho anggone ngapusi aku. Wewenangku pambarep iya diakali lan saiki berkah kang kanggo aku uga dirampas!” Banjur matur marang kang rama: “Punapa rama boten kagungan berkah sanesipun kangge kula?”

37 Rama Iskak mangsuli marang Esap, pangandikane: “Lah adhimu wus pinesthi mengku marang kowe, lan sakehe para kadange wus daktemtokake dadi kawulane, sarta iya wus dakgawani gandum lan anggur, kari apamaneh kang bisa daktandukake marang kowe, dhuh anakku engger?”

38 Ature Esap marang kang rama: “Punapa rama namung kagungan berkah satunggal punika, dhuh rama? Bok kula inggih dipun paringi berkah inggih rama!” Esap tumuli nangis seru.

39 Ing kono kang Rama Iskak mangsuli pangandikane: “Satemene pamanggonmu bakal adoh saka lemah kang loh ana ing bumi lan ora oleh ebun kang saka langit ing ndhuwur.

40 Pedhangmu kang bakal dadi saranane panguripanmu lan kowe bakal ngawula marang adhimu. Ewadene besuk bakal kelakon, yen kowe mbudi-daya kanthi temen-temen, pasangane bakal uwal saka ing githokmu.”

Yakub ngungsi menyang ing tanah Mesopotamia

27:41--28:9

41 Anadene Esap sengit banget marang Yakub, marga saka berkah kang wus diparingake dening kang rama marang dheweke mau, pangunandikane Esap: “Iki wus nyedhaki dina kasusahan, marga sedane rama, nuli Yakub adhiku bakal dakpateni.”

42 Bareng Ibu Ribkah diwartani bab tembunge Esap putrane pembajeng kaya mangkono iku, banjur utusan nimbali Yakub putrane wuragil, nuli dipangandikani: “Esap kangmasmu ngigit-igit arep males ukum, arep mateni kowe.

43 Kang iku anakku, engger, kowe mituruta pituturku, cepak-cepaka, mangkata ngungsi menyang Haran panggonane Laban sadulurku!

44 Anaa kana sawetara mangsa lawase, nganti pangigit-igite kangmasmu wus lilih.

45 Dene samangsa kangmasmu wus lilih nepsune marang kowe, lan wus lali apa kang dadi panggawemu, aku nuli bakal kongkonan marani kowe saka ing kana. Kapriye manawa aku nganti kelangan kowe sakarone bareng sadina?”

46 Sawuse mangkono Ibu Ribkah banjur matur marang Rama Iskak: “Kula sampun bosen gesang margi saking tiyang estri bangsa Het punika. Manawi Yakub ngantos mendhet semah bangsa Het kados makaten wau, panunggilanipun tiyang bumi ngriki, punapa ginanipun kula taksih gesang?”