1 Rama Abraham banjur bidhal saka ing kono menyang ing Tanah Negeb, lan manggen ana ing antarane Kadesy lan Syur, neneka ana ing Gerar.
2 Sarehne Rama Abraham ngendikake bab Ibu Sara, garwane: “Iku sadulurku,” mulane Sang Prabu Abimelekh raja ing Gerar utusan mundhut Ibu Sara.
3 Nanging Gusti Allah ngetingali marang Sang Prabu Abimelekh ing sajroning pasupenan lan ngandika: “Lah sira mesthi bakal mati marga saka wong wadon kang sira jupuk iku, sabab iku wus duwe bojo.”
4 Anadene Sang Prabu Abimelekh durung tau nggepok marang Ibu Sara, mulane banjur munjuk: “Dhuh Pangeran, punapa Paduka inggih badhe mejahi bangsa ingkang boten lepat?
5 Punapa sanes tiyangipun piyambak ingkang cariyos dhateng kawula: Punika sadherek kula. Sarta malih ingkang estri piyambak ingkang sanjang: Punika sadherek kula. Anggen kawula nglampahi makaten punika kanthi manah ingkang jujur saha tangan ingkang resik.”
6 Gusti Allah tumuli ngandika maneh marang Sang Prabu Abimelekh sajroning pasupenan mau: “Ingsun mirsa yen anggonira mangkono iku metu saka ati kang jujur, lan iya Ingsun piyambak kang menggak marang sira supaya aja nganti gawe dosa marang Ingsun. Mulane sira ora Sunlilani nggepok wong wadon iku.
7 Mulane, wong wadon iku balekna marang somahe, awitdene Abraham iku nabi, sarta bakal ndongakake sira, supaya sira bisa lestari urip; nanging manawa wong wadon mau ora sira balekake, wruhanira yen sira mesthi bakal mati, sira lan kabeh wongira.”
8 Bareng esuk umun-umun Sang Abimelekh wungu sarta nimbali para abdine, dicaritani bab pangandika mau, temahan wong kabeh padha wedi banget.
9 Sang Prabu Abimelekh banjur utusan nimbali Rama Abraham, tumuli dipangandikani: “Punapa ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika lan kula kalepatan punapa dhateng panjenengan, dene panjenengan kok ndhatengaken dosa ageng dhateng kula lan kedhaton kula? Ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika boten pantes sanget.”
10 Sang Prabu Abimelekh ngandika marang Rama Abraham maneh: “Karsa panjenengan punapa, dene ngantos nglampahi kados makaten punika?”
11 Rama Abraham mangsuli ature: “Panginten kula, ing ngriki babar pisan boten wonten panembah dhateng Gusti Allah, pramila kula mesthi badhe dipun pejahi margi saking semah kula.
12 Kaliyan malih punika inggih sadherek kula sayektos, anakipun bapa kula, nanging sanes anakipun embok kula, lajeng dados semah kula.
13 Nalika kula dipun karsakaken dening Gusti Allah supados nilar bale griyanipun tiyang sepuh, kula lajeng nglembara, semah kula kula sanjangi makaten: Bok kowe nandukna katresnan marang aku mangkene: Ing saenggon-enggon kang bakal dakparani, kowe tutura tumrap aku mangkene: Punika sadherek kula!”
14 Sang Prabu Abimelekh tumuli mundhut wedhus lan sapi, batur tukon lanang lan wadon, padha diparingake marang Rama Abraham; apadene Ibu Sara kang garwa diwangsulake marang panjenengane.
15 Pangandikane Sang Prabu Abimelekh: “Lah tanah kula ngeblag wonten ing ngarsa panjenengan, sumangga kula aturi dedalem wonten ing pundi kemawon ingkang panjenengan karsakaken.”
16 Sarta banjur ngandika marang Ibu Sara: “Lah kula sampun nyaosi sadherek panjenengan sewu sekel selaka, minangka bukti tumrap ing kasucen panjenengan wonten ing ngajengipun sadaya tiyang, ingkang wonten ing wewengkon panjenengan, temah panjenengan lajeng kaleresaken ing sadaya prakawis.”
17 Rama Abraham banjur ndedonga konjuk marang Gusti Allah, sarta Gusti Allah tumuli maluyakake Sang Prabu Abimelekh, kang garwa sarta para abdine wadon, satemah padha bisa duwe anak.
18 Awit dene ing maune Sang Yehuwah ngganjar gabug ing sadhengah wong wadon ing kratone Sang Prabu Abimelekh, marga saka Ibu Sara garwane Rama Abraham.