1 Nalika iku ing tanah kono kambah ing pailan, iki dudu pailan sing dhisik kang kelakon nalika jamane Rama Abraham. Rama Iskak tumuli tindak menyang Gerar manggihi Sang Prabu Abimelekh rajane bangsa Filisti.
2 Sang Yehuwah banjur ngatingal marang Rama Iskak sarta ngandika: “Sira aja lunga menyang Mesir, manggona ana ing tanah kang bakal Sundhawuhake marang sira.
3 Sira tetepa manggon ana ing tanah kene dadi wong manca, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhake marang Abraham bapakira.
4 Karomaneh Ingsun bakal ngakehake turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh; sarta marga saka turunira sakehe bangsa ing bumi bakal binerkahan.
5 Mulane mangkono awit Abraham wus ngestokake dhawuhingSun lan netepi kang dadi kawajibane marang Ingsun, yaiku kabeh pepakon, pranatan lan angger-anggeringSun.”
6 Dadine Rama Iskak tetep anggone dedalem ana ing Gerar.
7 Nalika wong-wong ing kono padha takon bab garwane, Rama Iskak ngandika: “Punika sadherek kula,” awit ajrih ngandika: “Punika semah kula,” marga osiking panggalihe: “Bisa uga aku dipateni dening wong-wong ing kene jalaran saka Ribkah, awit Ribkah iku warnane endah.”
8 Bareng wus antara lawas anggone dedalem ana ing kono, kacarita Sang Prabu Abimelekh rajane wong Filisti pinuju ngungak ing cendhela, mirsa Rama Iskak lagi ngungrum kang garwa Ribkah.
9 Sang Prabu Abimelekh tumuli nimbali Rama Iskak lan ngandika: “Lah sampun tamtu punika ingkang garwa, kadospundi dene panjenengan ndadak ngandika: Punika sadherek kula?” Ature Rama Iskak marang Sang Raja: “Margi osiking manah kula: Sampun ngantos kula dipun pejahi margi saking piyambakipun.”
10 Nanging Sang Prabu Abimelekh ngandika: “Punapa ta ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula sadaya punika? Gampil sanget kalampahan wonten tiyang bangsa ngriki ingkang ngantos nilemi ingkang garwa, rak margi saking makaten panjenengan lajeng ndhatengaken kalepatan dhateng kula sadaya?”
11 Sang Prabu Abimelekh banjur ngundhangake dhawuh marang sabangsa kabeh: “Sapa wong kang wanuh-wani ngaru-biru marang priyayi iki utawa marang garwane, mesthi diukum pati!”
12 Anadene Rama Iskak nuli nyebar wiji ana ing tanah kono, oleh-olehane ing taun iku uga nganti tikel satus, marga diberkahi dening Sang Yehuwah,
13 temah panjenengane dadi sugih lan saya suwe saya mundhak kasugihane, nganti dadi sugih banget,
14 kagungan pepanthan wedhus lan pepanthan sapi, brayate akeh, nganti wong-wong Filisti padha meri.
15 Sakehe sumur ing jamane Rama Abraham, kang rama, kang didhudhuk dening para abdine kang rama, iku padha ditableg lan diurugi lemah.
16 Sang Prabu Abimelekh banjur ngandika marang Rama Iskak: “Panjenengan kula aturi tindak saking ngriki, margi pangwaos panjenengan ngungkuli pangwaos kula sanget.”
17 Rama Iskak tumuli tindak saka kono banjur ngadegake tarube ana ing lebake Gerar, sarta dedalem ana ing kono.
18 Sawuse mangkono banjur ndhudhuk sumur-sumur kang biyen wus didhudhuk nalika sugenge Rama Abraham kang rama, sarta wus padha dipateni dening wong Filisti sasedane Rama Abraham; sumur-sumur mau padha dijenengake kaya jeneng kang biyen wus diparingake dening kang rama.
19 Nalika para abdine Rama Iskak padha ndhudhuki ing lebak kono, padha nemu sumber kang banyune mancur-mancur mumbul-mumbul.
20 Para pangon ing Gerar banjur padha grejegan karo para pangone Rama Iskak, ujare: “Banyu iki aku sing nduweni.” Rama Iskak maringi jeneng sumur mau: Esek, marga ana ing kono padha grejegan karo panjenengane.
21 Tumuli padha ndhudhuk sumur liyane, kang iya dadi grejegan uga, mulane sumure diparingi jeneng Sitna.
22 Rama Iskak banjur pindhah saka ing kono sarta ndhudhuk sumur liyane, nanging ora nganti dadi grejegan. Sumur iku diparingi jeneng: Rehobot, dene pangandikane: “Saiki Sang Yehuwah wus maringi omber marang kita, temahan kita padha bisa bebranahan ana ing tanah kene.”
23 Saka ing kono Rama Iskak tindak menyang ing Bersyeba.
24 Ing bengi iku banjur diketingali dening Sang Yehuwah sarta dipangandikani: “Ingsun iki Allahe bapakira Abraham, sira aja wedi, marga Ingsun nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, turunira bakal Suntangkar-tangkarake, marga saka Abraham abdiningsun.”
25 Sawuse mangkono Rama Iskak tumuli ngadegake misbyah sarta memuji asmane Sang Yehuwah. Iya ana ing kono anggone nancebake tarube lan para abdine banjur padha ndhudhuk sumur.
26 Kacarita Sang Prabu Abimelekh rawuh saka Gerar martuwi kadherekake Ahuzat mitrane lan Pikhol senapatine.
27 Rama Iskak tumuli matur: “Punapaa panjenengan sami rawuh manggihi kula, panjenengan rak sami sengit dhateng kula ta, malah sampun sami panjenengan tundhung saking wewengkon panjenengan?”
28 Pangandikane para tamune: “Kula sampun sami nyumerepi piyambak, bilih Sang Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan, milanipun kula sami rerembagan: Prayogi manawi kita sami supaosan, ing antawisipun kula kaliyan panjenengan, prayoginipun kula sami damel prajanjian kaliyan panjenengan.
29 Sampun ngantos panjenengan nandukaken piawon dhateng kula, kadosdene anggen kula inggih sami boten ngganggu damel dhateng panjenengan, malah kula tansah nandukaken kasaenan dhateng panjenengan, panjenengan kula lilani tindak kalayan tentrem; sapunika rak panjenengan ingkang kaberkahan dening Sang Yehuwah!”
30 Tamune banjur padha diaturi pasugatan, sarta tumuli padha dhahar lan ngunjuk.
31 Esuke isih umun-umun banjur padha supaosan. Sawuse mangkono Rama Iskak ngutapake tamune kondur banjur padha bidhal nilar panjenengane klawan becik.
32 Kacarita ing dina iku uga para abdine Rama Iskak teka ngaturi kabar bab anggone wus padha ndhudhuk sumur, ature: “Kula sampun sami angsal toya.”
33 Sumur iku tumuli diparingi jeneng: Syeba, mulane nagara kono ketelah aran Bersyeba nganti saiki.
34 Nalika Esap umur patang puluh taun banjur rabi oleh Yudhit, anake Beeri, wong Het, lan Basmat anake Elon uga wong Het.
35 Wong loro iku ndadekake sekeling galihe Rama Iskak lan Ibu Ribkah.