1 Ing wayah sore malaekat loro mau padha rawuh ing Sodom, Lut mbeneri linggihan ana ing gapurane Sodom; bareng Lut weruh malaekat mau, banjur methukake lan sumungkem ing bumi,
2 ature: “Dhuh bendara, panjenengan kula aturi rawuh ing griyanipun ingkang abdi, sami karsaa nyare saha wijik sampeyan, benjing-enjing kula aturi nglajengaken tindak.” Pangandikane malaekat: “Ora, aku arep padha nginep ana ing alun-alun bae.”
3 Nanging Lut banget anggone ngrerepa, satemah padha nuruti lan lumebet ing omahe, banjur disegah roti tanpa ragi, tumuli dhahar.
4 Kacarita sadurunge mapan sare, lah wong-wong lanang ing nagara kono, para wong lanang ing Sodom, padha ngepung omahe Lut, wiwit kang enom nganti kang tuwa, malah sakutha kabeh kerig-lampit ora ana kang keri,
5 banjur padha celuk-celuk marang Lut, tembunge: “Ana ing ngendi wong lanang kang merdhayoh ana ing omahmu bengi iki? Wetokna mrene! Arep padha dakjamah.”
6 Lut tumuli metu nemoni wong-wong mau ana ing sangarepe lawang, sarta lawange diinebake,
7 celathune: “Dhuh para sadherek, bok sampun sami nindakaken resah kados makaten ta!
8 Lah ta, kula gadhah anak estri kalih, sadaya taksih sami prawan, punika badhe kula wedalaken, sumangga sampeyan damel sapikajeng sampeyan! Nanging tiyang-tiyang punika sampun sampeyan ganggu-damel, margi sampun sami ngaub ing pondhok kula.”
9 Nanging pangucape wong akeh mau: “Wis, sumingkira!” Karomaneh celathune: “Wong iki tekane ing kene rak dadi wong neneka, kok arep dadi hakim kita! Saiki kowe arep dakajar ngungkuli wong loro iku!” Banjur padha ndhesek wonge, yaiku Lut kalawan seru sarta arep padha mbejad lawang.
10 Nanging priya loro mau banjur padha mulung astane, Lut digered mlebu ing omah sarta lawange dikancing,
11 dene wong-wong kang padha ana ngarep lawang, kabeh padha kena wewelak dadi picak, kang cilik dalah kang gedhe, temahan anggone nggoleki lawang ora bisa ketemu.
12 Priya mau tumuli padha ngandika marang Lut: “Kowe isih duwe sanak sapa maneh anak ing kene? Anak mantu, anakmu lanang utawa wadon, utawa sapa bae kang klebu akrabmu kang ana ing jero kutha kene, kabeh padha ajaken metu saka ing panggonan iki!
13 Sabab panggonan iki selak arep padha daktumpes, marga pangresulane wong kang banget ing bab kutha iki wus sumengka ana ing pangayunane Sang Yehuwah. Awit saka iku aku padha kautus dening Sang Yehuwah nyirnakake panggonan kene.”
14 Lut banjur lunga ngandhani calon mantune, kang arep padha sesomahan karo anake, tembunge: “Dienggal padha metua saka ing panggonan kene, awit Sang Yehuwah selak nggempur kutha iki.” Nanging calon mantune loro-lorone padha ngarani yen Lut mau mung sembranan bae.
15 Bareng wayah bangbang wetan, malaekat loro mau padha ngatag marang Lut, supaya cekat-ceket, dhawuhe: “Ngadega, somahmu lan anakmu wadon loro kang ana ing kene enggal gawanen lunga, supaya kowe aja nganti katumpes marga saka durakane kutha iki!”
16 Sarehne mangu-mangu, mulane priya mau banjur padha nyandhak tangane Lut, tangane somahe lan anake wadon karo pisan, marga saka pangemane Sang Yehuwah marang dheweke; banjur dituntun metu menyang ing sajabane kutha sarta dieculake ana ing kono.
17 Priya mau bareng wus nuntun tekan ing jaban kutha, kang siji ngandika: “Lumayua, ungsekna uripmu! Aja noleh lan aja mondhag-mandheg babar pisan ana ing saurute lebak Yarden iki, ngungsia menyang ing pagunungan, supaya kowe kabeh aja nganti tumpes.”
18 Lut munjuk marang priya mau: “Sampun kados makaten ta, dhuh bendara!
19 Ingkang abdi sampun manggih sih wonten ing ngarsa panjenengan, saha panjenengan sampun nandukaken kawelasan dhateng kula, dene ngantos mitulungi gesang kula. Nanging kula mesthi boten saged ngungsi ngantos dumugi pareden, awit kula tamtu sampun ketututan ing bilai punika saha lajeng pejah.
20 Lah ta, kitha ngajeng punika celak, kenging kula ungseni, kithanipun alit; mugi kula kalilana ngungsekaken gesang mriku kemawon, supados kula kapitulungana gesang. Kitha punika rak alit ta?”
21 Panjenengane gentos ngandika marang Lut: “Iya wis, dakjurungi panyuwunmu, kutha cilik kang kokaturake iku bakal ora daktumpes.
22 Dikebat ngungsia mrana, amarga aku ora bakal nindakake apa-apa sadurunge kowe tekan ing kana.” Awit saka iku kutha mau katelah aran: Zoar.
23 Srengenge wus mlethek ngungkuli bumi nalika Lut tekan ing Zoar.
24 Sawuse mangkono Sang Yehuwah tumuli ngudanake walirang lan geni marang tanah Sodom lan Gomora, tumurune udah saka Sang Yehuwah, saka ing langit,
25 kutha-kutha mau diwolak-walik dalah lebak Yarden pisan lan sakehe wong ing kutha-kutha kono tekan tanem-tuwuhe.
26 Nanging somahe Lut iku mandheg tumoleh, temah malih dadi tugu uyah njenggeleg.
27 Bareng wayah esuk umun-umun Rama Abraham tindak menyang ing panggonane jumeneng nalika sowan ana ing ngarsane Sang Yehuwah,
28 bareng mirsani menyang prenahe Sodom lan Gomora tekan lebake Yarden pisan, katon ana kukus kumelun saka ing bumi memper kukuse pawon paleburan.
29 Nalika Gusti Allah nggempur kutha-kutha ing lebak Yarden lan nalika malik kutha kang dienggoni dening Lut, Gusti Allah enget marang Rama Abraham, banjur ngirid Lut metu saka ing satengahe patumpesan.
30 Anadene Lut budhal saka Zoar banjur manggon ing pagunungan karo anake wadon loro, marga ora wani manggon ing Zoar; pamanggone ana ing guwa dalah anake wadon loro pisan.
31 Kacarita anak kang tuwa tutur marang kang enom, tembunge: “Bapak wis tuwa, mangka ing tanah kene ora ana wong lanang kang sapaturon karo aku lan kowe kaya salumrahe wong sajagad.
32 Payo, bapak diaturi ngunjuk anggur, nuli padha ngewori turu, supaya kita padha oleh turun saka bapak.”
33 Ing bengi iku bapakne diaturi ngunjuk anggur, anak kang tuwa banjur mlebu lan awor turu karo bapakne, Lut ora sumurup apa-apa, nalika anake nusul lan nalika tangine.
34 Esuke kang tuwa ngucap marang kang enom, tembunge: “Mau bengi aku wis kelakon awor turu karo bapak; mengko bengi padha diaturi ngunjuk anggur maneh, kowe genten nusula awor turu, supaya kita padha oleh turun saka bapak kita.”
35 Kelakon bareng bengi bapakne iya padha diaturi ngunjuk anggur maneh. Kang enom nuli nusul awor turu, dene Lut ora sumurup apa-apa, dadia anggone anake nusul utawa anggone tangi.
36 Anake Lut sakarone tumuli padha ngandhut saka bapakne.
37 Kang tuwa banjur duwe anak lanang dijenengake: Moab, iya iku kang dadi leluhure bangsa Moab ing saiki iki.
38 Kang enom uga duwe anak lanang dijenengake Ben-Ami, iya iku kang dadi leluhure bangsa Amon saiki iki.