3 Banjur padha rasanan: “Payo padha nyithak bata lan diobong kang mateng.” Batane kanggo watu pasangan, lan kang digawe lepane aspal.
4 Pangucape maneh: “Payo padha yasa kutha, nganggo menara kang pucake sundhul langit, supaya jeneng kita dadi misuwur lan kita aja nganti pating slebar ana ing salumahe bumi.”
5 Sang Yehuwah tumuli tumedhak karsa mirsani kutha lan menara kang lagi dibangun dening para anaking manungsa mau;
6 sarta pangandikane Sang Yehuwah: “Lah wong-wong iku padha tunggal bangsa lan tunggal basa; iki lagi wiwitaning kekarepane, mengko rak bakal wus ora kena diendhakake apa kang dadi sedyane.
7 Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”
8 Mangkono dadine Sang Yehuwah mbubarake wong-wong mau saka ing kono menyang ing salumahing bumi, temahan padha kandheg anggone padha yasa kutha.
9 Mulane tilase mau diarani: Babil, marga ana ing kono Sang Yehuwah anggone ngisruhake basane wong-wong ing salumahing bumi, lan saka ing kono Sang Yehuwah anggone mbuyarake wong-wong mau menyang ing salumahing bumi.