1 Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahake marang sira.
2 Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.
3 Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”
4 Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhake dening Sang Yehuwah, sarta Lut ndherek. Rama Abram nalika bidhal saka Haran yuswane pitung puluh lima tahun.