10 Bareng ing tanah kono pinuju pailan, Rama Abram bidhal menyang ing tanah Mesir, sumedya lereb ana ing kono kayadene wong manca, marga pailane nggegirisi banget.
11 Kacarita bareng tindake wus cedhak tanah Mesir, tumuli ngandika marang kang garwa Ibu Sarai: “Lah ta, aku weruh yen kowe iku wanita kang endah ing warna,
12 samangsa wong Mesir ndeleng kowe, mesthi ngarani: Iku somahe, banjur aku mesthi dipateni lan kowe diuripi.
13 Bok iya kowe kandha yen sadulurku, supaya aku lestaria slamet marga saka kowe, lan nyawaku tulusa urip marga saka kowe.”
14 Kacarita bareng Rama Abram wus lumebet ing tanah Mesir, wong Mesir padha ndeleng yen wanita iku ayu banget,
15 lan bareng para abdi daleme Sang Pringon padha ndeleng Ibu Sarai, banjur ngalembana ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, temahan Ibu Sarai kaladekake menyang kedhatone Sang Prabu Pringon.
16 Rama Abram ditanduki becik marga saka Ibu Sarai, sarta banjur diparingi wedhus, sapi lan kuldi lanang, batur tukon lanang lan wadon, apadene kuldi wadon lan unta.