13 Bok iya kowe kandha yen sadulurku, supaya aku lestaria slamet marga saka kowe, lan nyawaku tulusa urip marga saka kowe.”
14 Kacarita bareng Rama Abram wus lumebet ing tanah Mesir, wong Mesir padha ndeleng yen wanita iku ayu banget,
15 lan bareng para abdi daleme Sang Pringon padha ndeleng Ibu Sarai, banjur ngalembana ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, temahan Ibu Sarai kaladekake menyang kedhatone Sang Prabu Pringon.
16 Rama Abram ditanduki becik marga saka Ibu Sarai, sarta banjur diparingi wedhus, sapi lan kuldi lanang, batur tukon lanang lan wadon, apadene kuldi wadon lan unta.
17 Nanging Sang Yehuwah ndhawahake bebendu kang abot banget marang Sang Pringon dalah brayate marga saka Ibu Sarai garwane Rama Abram iku.
18 Sang Prabu Pringon banjur nimbali Rama Abram sarta ngandika: “Apa kang sira tandukake marang ingsun? Yagene sira ora ngaturi uninga marang ingsun, yen wong wadon iku somahira?
19 Yagene sira matur: Punika sadherek kawula, temahan nganti sunpundhut garwa? Lah, ta iku somahira, gawanen lan mundura!”