6 Rama Abram banjur ndlajahi tanah mau nganti tutug ing panggonan ing sacedhake Sikhem, yaiku ing sacedhake wit terbantin ing More. Nalika samana kang ngenggoni tanah kono bangsa Kanaan.
7 Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.
8 Saka kono pindhah menyang ing pagunungan sawetane Betel, sarta ngadegake tarub ana ing saantarane Betel kang kaprenah ing kulone, lan Ai ing wetane; ana ing kono nuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, lan ngluhurake asmane.
9 Sawuse mangkono Rama Abram nglajengake tindake saya adoh menyang ing Tanah Negeb.
10 Bareng ing tanah kono pinuju pailan, Rama Abram bidhal menyang ing tanah Mesir, sumedya lereb ana ing kono kayadene wong manca, marga pailane nggegirisi banget.
11 Kacarita bareng tindake wus cedhak tanah Mesir, tumuli ngandika marang kang garwa Ibu Sarai: “Lah ta, aku weruh yen kowe iku wanita kang endah ing warna,
12 samangsa wong Mesir ndeleng kowe, mesthi ngarani: Iku somahe, banjur aku mesthi dipateni lan kowe diuripi.