6 mangka tanah ing kono kurang kobet dienggoni bebarengan, marga raja-darbeke akeh banget, temahan padha ora bisa nunggal sapanggonan;
7 mulane pangone Rama Abram karo pangone Lut padha grejegan. Tanah kono nalika iku dienggoni bangsa Kanaan lan Feris.
8 Mulane Rama Abram banjur ngandika marang Lut: “Bok aja ana grejegan ing antarane aku lan kowe utawa ing antarane pangonku lan pangonmu, kita rak padha sadulur.
9 Tanah iki kabeh rak ngeblag ana ing ngarepmu! Bok iya ta kowe misaha saka aku, manawa kowe milih mangiwa, aku dakmanengen, manawa kowe milih manengen, aku dakmangiwa.”
10 Lut nuli ndeleng lan sumurup yen tanah ngare saurute bengawan Yarden iku loh jinawi. Sadurunge Sang Yehuwah nggempur Sodom lan Gomora, memper patamanane Sang Yehuwah, iya kaya tanah Mesir tekan ing Zoar.
11 Marga saka iku Lut milih tanah ngare saurute bengawan Yarden, sarta banjur budhal mangetan; mangkono anggone padha pepisahan.
12 Dene Rama Abram tetep pamanggene ana ing tanah Kanaan, sarta Lut manggon ing kutha-kutha ing lembahe bengawan Yarden, lan anggone ngadegake tarube nganti tekan ing sacedhake Sodom.