21 Raja ing Sodom banjur ngandika marang Rama Abram: “Tiyangipun mugi jengandika paringaken dhateng kula, dene menggah raja-darbe kula aturi mundhut.”
22 Nanging Rama Abram matur marang raja ing Sodom: “Kula supaos demi Sang Yehuwah, Allah Ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi,
23 bilih kula boten badhe mendhet sadhengah punapa ingkang dados kagungan dalem sadaya, dadosa namung benang saeler utawi tangsuling trumpah, supados panjenengan dalem sampun ngantos ngandika: Kang nyugihake Abram rak aku.
24 Manawi kula sampun ngantos pisan-pisan! Namung punapa ingkang sampun dipun tedha dening para rencang saha pandumanipun ingkang sami mbiyantu panglurug kula, inggih punika Aner, Eskol kaliyan Mamre, kajengipun mendhet bageanipun piyambak-piyambak.”