1 Sawuse lelakon mau banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram sajroning tetingalan wahyu, dhawuhe: “Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe.”
2 Unjuke Rama Abram: “Dhuh Yehuwah Allah, kawula badhe Paduka paringi punapa? Dene anggen kawula tilar donya punika badhe tanpa anak, temtunipun Eliezer tiyang Damsyik punika ingkang badhe nggadhahi sabarang darbek kawula.”
3 Unjuke Rama Abram maneh: “Lah kawula boten Paduka paringi anak, pramila salah satunggaling rencang ingkang lair ing griya kawula punika ingkang badhe dados ahli-waris kawula.”
4 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram, mangkene: “Dudu iku kang bakal dadi ahli-warisira, nanging kang bakal dadi ahli-warisira iya iku kang lair saka sira dhewe.”
5 Rama Abram banjur diirid medal ing jaba sarta dipangandikani: “Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe.” Tumuli disambeti pangandika maneh: “Iya samono bakal cacahe turunira.”