14 nanging bangsa kang dikawulani iku iya bakal Sunukum. Sawuse mangkono bakal padha metu budhalan kalawan nggawa raja-darbe akeh banget.
15 Nanging sira iku bakal lunga awor karo leluhurira kanthi tentrem rahayu, anggonira kakubur samangsa wus akeh umurira.
16 Turunira kang kaping pat bakal bali mrene maneh, marga sadurunge iku durakane bangsa Amori durung katog.”
17 Kacarita bareng srengenge wus surup lan wus peteng, tumuli katon ana pawon kumelun lan obor murub kang lumaku metu ing saselane sigaran-sigaran daging mau.
18 Ing dina iku Sang Yehuwah damel prasetyan karo Rama Abram, pangandikane: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki, wiwit saka kali ing Mesir nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat,
19 yaiku tanahe bangsa Keni, bangsa Kenas, bangsa Kadmon,
20 bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Refaim,