7 Karodene pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram maneh: “Ingsun iki Yehuwah kang wus ngirid sira metu saka Ur-Kasdim; marga bakal Sunparingi tanah iki dadi darbekira turun-tumurun.”
8 Unjuke Rama Abram: “Dhuh Yehuwah Allah, sarana punapa anggen kawula sumerep, bilih tanah punika badhe dados gadhahan kawula?”
9 Tumuli dipangandikani: “Ingsun jupukna pedhet wadon kang umur telung taun, wedhus kang umur telung taun, wedhus gembel lanang kang umur telung taun, manuk deruk siji lan piyik dara siji.”
10 Kabeh mau iya banjur padha kajupuk kagem Sang Yehuwah sarta padha disigari, sigaran siji lan sijine diselehake adhep-adhepan, mung manuke kang ora disigar.
11 Bareng ana manuk galak padha nyamber sembelehan mau, banjur padha digusahi dening Rama Abram.
12 Bareng srengenge meh surup, Rama Abram saking aripe banjur sare kepati. Panjenengane banjur kalimputan ing peteng ndhedhet lelimengan kang nggegirisi.
13 Sang Yehuwah banjur ngandika marang Rama Abram: “Wruhanira ing satemene, turunira bakal dadi wong manca ana ing tanah kang dudu duweke, sarta bakal padha ngawula lan katindhes nganti patang atus taun lawase,