4 Rama Abram banjur ngrawuhi Ibu Hagar, lan iku kelakon ngandhut. Nanging bareng rumangsa yen wus ngandhut, banjur ngremehake bendarane putri.
5 Ibu Sarai tumuli matur marang Rama Abram: “Bab anggenipun nyakitaken manah kula punika, panjenengan ingkang tanggel-jawab, kula sampun ngaturaken rencang estri wau dhateng panjenengan, nanging sapunika sareng rumaos wawrat, kok lajeng nyepelekaken kula. Sang Yehuwah mugi paring kaleresan ing antawisipun kula kaliyan panjenengan.”
6 Rama Abram banjur ngandika marang Ibu Sarai: “Lah ta baturmu iku ana ing panguwasamu, tandukana apa kang kokrasa patut!” Ibu Sarai banjur nindhes kang banget marang Ibu Hagar, satemah iku banjur minggat.
7 Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli manggihi Ibu Hagar ana ing sacedhake belik ing pasamunan, iya iku belik ing dalan kang anjog ing Syur.
8 Banjur dipangandikani: “Hagar, abdine Sarai, saka ngendi sira iku lan menyang ngendi paranira?” Unjuke Ibu Hagar: “Kawula minggat saking ngarsanipun bendara kawula Sarai.”
9 Sang Malaekate Yehuwah banjur ngandika marang Ibu Hagar: “Sira balia marang bendaranira lan nungkula marang ing pamengkune.”
10 Karomaneh dipangandikani dening Sang Malaekate Yehuwah mangkena: “Turunira bakal Suntangkarake dadi akeh banget, nganti ora kena dietung, awit saka akehe.”